40
Hardana mangsuli lirih: „Inggih".
Nalika iku ingkang Wedana sakalijan mlebet ing kamar kono. Karsané arep nuwèni bakal mantuné sing nandang tatu.
Wedana : ,,Kados-pundi nak Dokter, punapa sampun émut nak Hardana, tuwin punapa boten mutawatosi sajektos tatunipun punika ?"
Wiwaha : ,,Kados tatunipun boten ndadosaken punapa, tuwin sapunika pijambakipun sampun émut malih. Mung kula wantos-wantos sampun ébah tuwin ngandika kaṭah-kaṭah rumijin”.
Wedana : ,,Sukur nak, punapa kepareng neḍa utawi ngombé anggur".
Wiwaha : „O, kénging kémawon, nanging inggih kedah dipun ladosi". Ingkang Wedana nimbali putrané putri kang ana
ing dalem : ,,Ni .........Nani ......... djupukna anggur port karo gelas tjilik, gawanen réné".
Wangsulan aswara renjah saka ing dalem: „Inggih pak”.
Ora suwé Rara Srikandani mlebu ing kamar, njangga baki isi gendul anggur lan gelas tjilik loro. Sapira geḍéné atiné R. Hardana
nalika diladèni déning tjalon rajiné kang aju merak-ati iku. Sanadjan lara, isih kober tansah ngulataké satandangé kang pinda Larasati. Ora ngemungaké R. Hardana baé kang tansah njawang
marang Rr. Srikandani mau, sanadjan Wiwaha uga tansah nglirik marang kenja kang aju mau. Batiné Wiwaha jèn kewetua ing akèh: „Lajak Hardana sulap marang wewudjudan kang kaja
mangkono. Lajak nganti bisa lali marang Tati. Nanging satemené Hardana klebu klèru ing pamilih. Amarga kenja iki ora bakal bisa
papak karo botjah kaé, jèn didjèdjèr nganti limang menit baé. Botjah iki njata aju mentjorong, kulité kuning gumrining ngèling-
èlingi wong kang andulu sagebjaran, bisa ngometaké sirah. Nanging jèn djèdjèr karo Tati, ajuné mesți luntur. Kuningé mesţi dadi tjeblèh, amarga karoban ing memanisé kenja ing Hargaprawiran, kang mulek ndulek ati. Sanadjan pakulitané pisan ora bisa pada, isih pandes pakulitané botjah kaé ........., ééé..... ladalah ngalamun aku iki. Ah énak njambut gawé, mèn ora pidjer mlèntjèng pikiranku".