Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

39


Wedana : ,,Sukur nak. Mangga ingkang sami nandang tatu tuwin ingkang kesakitan prajoginipun kausung ḍateng grija-kula kémawon. Nak A.W. Kalidjati kalijan kang raji prajogi dateng Kawedanan rumijin ing dalu punika. Kedjawi kula njuwun tulung mriksa ingkang sami nandang tatu, ugi karsaa ngupakara dateng nak Hardana punika. Béndjing-éndjing kula ḍèrèkaken mawi oto kula kémawon. Déné bèndi kadjengipun dipun bekta wangsul upas dipun réntjangi upas Sama ing dalu punika, ngiras ngabari ing dalem."

A. W. lan Wiwaha bebarengan mangsuli: „Inggih sendika." Samana bandjur pada buḍal kaja ḍawuhé ingkang Wedana. Para kang nanḍang tatu lan kang isih durung éling, pada digawa marang dalem Kawedanan.

Kasiliring samirana R. Hardana tangi pungun-pungun. Awak sakodjur krasa lara kabèh. Luwih-luwih ing sirahé, krasa kaja njunggi lumpang kentèng teka isih nganggo senut-senut. Krasané wis kaja dibuntel ing perban kandel tur brukut. Punḍaké kang sisih kiwa lara banget. R. Hardana undjal napas rada ngrintih. Wiwaha bareng krungu ngrintihing wong kang diupakara bandjur njeḍaki, polatané sumèh. Tangané Hardana ditjekel, utjapé marang kang lara:,,Dimas, wekdal punika pandjenengan saweg nanḍang tatu ing mestaka lan ing pamiḍangan. Tatu-pandjenengan sanadjan boten sanget, nanging boten kénging kagem sembrana. Mila kula ngaturi pémut, sampun ngandika katah-kaṭah ing salebeting kalih utawi tigang dinten kémawon."

R. Hardana njana menawa kang nunggoni ḍèwèké iku sawidjining dokter, ketara ing sasolah-tingkahé, sanadjan wong iku isih rada kenomen setitik. Hardana mantuk, nanging ora let sawetara meksa metu pitakoné marang Wiwaha, djalaran saka anggoné arep sumurup, ana ing ngendi dunungé saiki iki.

Wangsulané Wiwaha: ,,O, pandjenengan boten susah kuwatos, pandjenengan sapunika wonten ing salah satunggiling kamar ing dalem Kawedanan. Pandjenengan mesti boten badé kapiran. Nanging poma, kula ambali pémut-kula dateng pandjenengan, boten kénging ngandikan lan ébah katah-kațah rumijin, ing salebeting 2- 3 dinten punika".