Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

38

Nalika iku oto Kawedanan durung kétok, mesținé kerusakan utawa nemu sabab ana ing dalan. Bareng oto Kawedanan teka, wong-wongé kang pada muḍun saka oto lagi weruh jèn ana be- baja mau.
Ingkang Wedana andanġu marang Mantri Pulisi: ,,É, ladalah, ing kéné ana kedadéan apa, Mantri? Nak Hardana ana ing ngendi ?"
M.P.: „Kauningana, kala wau kula manḍap saking oto ladjeng mangiwa sekeḍap. Wangsul-kula oto sampun karubung ing kampak pepitu, ngatag dateng ingkang sami wonten ing nglebet, supados sami medal, namung sopir ingkang boten dipun lilani manḍap. Lah ingriku punika wiwiting pantjakara. Mèh kemawon kula sakantja sami ketiwasan, manawi boten kapitulungan aḍimas A.W. Kalidjati saha rajinipun. Kala samanten ingkang dèrèng kènging dedamel kantun upas setunggal, pun Sama, kalijan kula, dipun krubut tijang pitu. Mila ing pangraos sampun temtu adjur déning para kètju, nanging ladjeng kapitulungan dimas A. W. kalijan ḍimas Dokter Wiwaha, rajinipun dimas A.W. wau. Sekeḍap kémawon kètju ḍawah sumaput ingkang sekawan, déné sanèsipun mladjeng mlebet ing wana padjatèn. Déné dimas Hardana ugi ketaton. Namung kala wau sampun dipun priksa dimas Dokter Wiwaha, pinanggihing papriksan njumanggakaken, kadangua pijambak."
Wedana:,,La bèndinipun anak sapunika wonten pundi ?"
A.W.:,,Kula enḍegaken wonten ing énggok-énggokan wingking punika, katengga upas."
Wedana: ,,É, inggih, kala wau nganggé dedamel punapa, nak, saged njepeng kètju tijang sekawan?"
A.W.: „Kula dawahi tèkbi punika."
Wedana: ,,Punapa punika kang raji nak Dokter? Sinten asmanipun."
A.W.: ,,Nun inggih, namanipun Wiwaha." Wedana,,Inggih, nepangaken nak. Kados-pundi kawontenanipun nak Hardana ?"
Wiwaha: ,,Kados boten dados punapa, manawi pangupakaranipun saé kanți pangatos-atos sawetawis."