Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
34

kantja-kantjané, amarga Mantri Pulisi njelakaké perlu sedéla anging unḍukan. Sapira kagèting atiné wong-wong kang pada ana sadjroning oto mau, bareng udjug-udjug ditekani wong pitu tur pada ngliga kléwang, gobang lan bindi, manganggo sarwa ireng. Wong-wong sadjroning oto wis ngira menawa arep-arepan lap durdjana. “Bénggoling kétju kang gedé duwur glémbjor-glémbjor, abrengos tjapang medéni, bandjur tjlatu sugal: ,,Ajo metu kabéh! Apa pilih tugel gulumu. Hé sopir, kowé ora kena obah2, amarga bakal tak butuhaké. Ajo gelis!!! pada metu, lan barang darbékmu kabéh pada tinggalana”. Tjlatuné mau sadjak rada anggereng kaja matjan nemu bajangen, pamrihé supaja pada wedia ing swara baé. Sanalika iku uga dadining pantjakara, amarga Mantri Pulisi kang isih ana ing palindukan mau, tetéla sumurupé lan pangrunguné apa kang tinemu ing kono. Tanpa sranta lan sabawa, bénggol kétju dikenut endasé. Nanging saréhné rada


Sanalika iku uga dadining pantjakara, ................