Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
32

apa wis mulih lan apa bisa lulus ing taun iki sinaumu, amarga saka pétungé, sinaumu isih kurang setengah taunan manèh, Déné kabaré kamasmu lan ipému apa déné anaké pada keslametan, mung ing bawahé rada tukul rerusuh sawetara, djalaran saka tindaké grombolaning kétju kojok kang durung bisa ketjekel."
Wiwaha: ,,Ija bapak, aku uga ngaturi tilgram marang kamas sakalijan, nalika bubar pandadaran.”
P.G.: ,,Ja mbok-menawa mung tlingsingan baé angkating. lajangé kamasmu lan tekané tilgram kang saka kowé.”
B.G.: ,Mbok rada mbésuk-mbésuk baé singmu mangkat ta Wi?”
Wiwaha: ,,Pantjèné mono ja saged bu, nanging aku adjrih jén selak ketungka dawuh saka Paréntah, bandjur ora ana wekdal manéh kanggo ningali laladan lan sanés-sanésé kang durung tak sumerepi. Déné menawa ibu isih kangen marang aku, bendjing baé ibu nengganana aku terus-terusan.”
B.G.: ,,Hs, botjah kok ora genah. Jén aku ko-kon melu kowé, la bapak sapa sing ngopéni ?”
Wiwaha: ,,La ja ibu lan bapak terus nenggani aku baé.”
P.G. njambungi karo mésem betéké ngertos laraping aturé putrané, jaiku anggoné kepéngin males marang wong-tuwa, kepéngin ngepénakaké lan amuktékaké: ,,Ja banget trima: kasihku lan ibumu Wi, déné kowé duwé karep arep ngepénakaké marang bapak lan ibu. Nanging bab iku ketemu ing buri, bésuk jén bapak lan ibu butuh marang pitulungan baé, mestiné kamasmu lan kowé
pada kepopoh, déné saiki aku isih bisa rumagang ing gawé lan duwé pepantjén saka Pradja tjukup, malah turah dak pangan karo ibumu, apa déné batih lijané. Mula ora liwat mung pada lilanana, bapak lan ibu pada arep nerusaké labuhé marang sanak-sedulur ing padukuhan kéné, Pandongaku rina lan wengi tansah
pada tampanana.’
Wiwaha : Ija bapak, pantjèn mung iki kang tak pundi ing salami-laminé.”