Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

31

Wiwaha: „Ja mesți saged lara barang kok, ibu ki, dumèh dokter bandjur disirik ing lelara, rak ndjur ora limrah uwong. Mesținé ja naté lara barang, nanging sarèhné saged diraosaké sadurungé sanget, lan sumerep tambané, mbok-menawa dadi kemajaran sawetawis.”
B.G.: „La ija karepku ja mangkono.”
P.B.: „O, ija bu karepku ja mangkono kok, rak ija ta Wi?”
B.G.: „Ah, bapak ki kok, empun ta ampun tumut rijin, pirsa napa ta slirané.”
P. G.: „Ija ding bu, kono tutugna sing-mu takon.”
B.G.: „Ora Wi, blandjamu bésuk ki pira ta, apa kirané njukupi ko-anggo urip ana ing paran? Djaré blandja dokter iku akèh."
Wiwaha mangsuli karo mèsem: „Menawa durung diéwahi ja kaṭah.”
B. G.: „Gandrik, la kok akèh, nggih, pak ?”
P.G.: „Ja wis beneré ta bu, menawa pasinaoné anakmu iku diadjèni. Rong puluh taun iku ora seḍéla, dadi unḍuh-unḍuhané ja mesti kena dirasakaké temenan.”
B.G.: „La nggih, pak. — Béḍa temen karo djaman tjilikanku, wong arep dadi prijaji blandja durung akèh baé kudu magang disik.”
P.G.: „Lo, lo, adja ko-paḍakaké karo djaman bijèn. Djaman bijèn iku wis kelakon tur ja kudu mangkono lumrahé, malah jèn ora mangkono mesṭi diarani ora lumrah. Déné saiki, ja saiki, rak ngono. Ing djaman kang sarwa madju iki, ja wis ora ana tatanan kang ora maṭuk lan djamané. Dadi ora susah, barang lan djaman kang wis kelakon, di ala-ala utawa ditjatjad. Kedjaba ora ana perluné, uga dudu butuh lan wadjibé. — Balik kowé Wi, apa sing arep ko-tindakaké sadurungé ana ḍawuh katetepanmu saka Paréntah?”
Wiwaha: „Pangangkahku arep dolan-dolan ningali kawontenan ing Djawi-Wétan saminggu. Aku terus arep tuwi menjang dalemé kamas A. W. Kalidjati.”
B.G.: „Mongsok ta, bandjur énggal-énggal mangkat manèh, kesusu apa ta? Kangenku durung ilang.”
P.G.: „Ija lèrèna telung-telung dina ḍisik, bandjur mangkata manèh. Kamasmu uga mentas kirim lajang, malah nakokaké kowė.