sanadjan satrija iku duwéa mungsuh, ora kena duwé geting marang wong mau, ora kena serik ora kena nabet atiné. Amarga sakabéhing tumindaké satrija mau jén nganti geting-sengit, mesti ora bisa ngadil, kang bakal tansah nukulaké tjetjongkrahan baé. Anané wales-winales, intjih-ingintjihan iku amarga saka tindak kang ora ngadil mau, kesembuh déning wis akéh kang ora bisa nglungguhi kasatrijané.
Dadi jén mengkono ora gampang wong ngaku satrija, apa manéh jén pada nedya nuhoni ubajaning satrija, jaiku: 1 waspada, 2 lebda olah kridaning gawé agal alus lambaran kasusilan, 3 luhur bebudéné, katik kudu sarwa mumpuni saliring réh rahaju.
Mung satrija kang mangkono iku kang bisa memaju ajuning djagad. Dadi kang aran satrija iku ora ngemungaké turun darahing ngawirja tok. Sanadjan wong apa baé, turuning sapa baé, kang
duwé pambegan lan adeg kaja kang dak tjritakaké ingarep mau, jaiku satrija kang sedjati.
B.G. njambungi : ,,Empun pak sing okeh melih, bén ndang wengi ta."
P.G. ngendika karo gumudjeng : ,,Ora ta bu, kowé selak arep omong apa ta?”
B.G.: ,,Empun niki, kénging? Kula niki adjeng takén teng Wi.— Bakalé kowé njambut gawé ana ngendi Wi? Mengko gék ditetepaké ana pasisir ?”’
Wiwaha : ,,Saiki durung saged matur bu, lawong durung ana katetepané.”
P.G. : ,,Karo anaa ing ngendi-endi kaé gék énék apa ta bu? Kana-kéné wis pada baé.”
B.G. : ,,Ééé ............, nggih boten ta pak, jén onten pasisir rak déréng duwé kuwanuhan. Jén onten ngelu-mulesé pripun.”
P.G. : ,,Manungsa iku tepungané ja karo manungsa. Dadi manawa Wi gelem lan bisa tetepungan karo tangga-teparoné mesti sugih kuwanuhan lan pasaduluran, mbok-menawa malah ana kang betjiké ngungkuli seduluré déwé,"
B.G.: ,,É ija ḍing, Wi déwé dokter, mestiné ora tau lara.”
Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/32
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
30