Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
28

 Ora antara suwé R. Aju Kridawasana mlebu ing dalem njangking lodong isi tjriping kentang. Kalintung mlaku ing wingkingé Bu Gedé, njangga tépak isi gelas lan porong wédang teh. Bu Gedé bandjur lenggah tjedak putra kang dikangeni, karo ngladékaké wédang marang Pak Gedé, putrané lan salirané pijambak. Lengen lan bauning putrané kang kijeng apengkuh diasta ditjakepi lan ditlusur, pangandikané : ,,Bijung ............ bijung pa ...... aaak niki lé, lengené anaké niki kok mbengkijeng kaja ngéten. La mbok ja rada sing lurus kaja lengené Radén Abimanju, djaré kaja diongoti pawakané”.
 P.G. gumudjeng bandjur igarstite: »Jén anakku ko-padakaké karo Radén Abimanju, la apa aku iki Radén Ardjuna ta bu ? La gék kowé sapa ja bu ...... la ija apes-apesé déwi Hulupi ngono ?”
 B.G. : ,,La enggih ta pak, jén Dewi Hulupi mawon rak nggih bisa ta madani, kula niki”.
 Ger, prijaji telu gumudjeng bebarengan.
 P.G. : ,,Wé ......... ija-ija bu ......... karo ja ora maido, la wong ja kowé ta, kok mung ditandingaké karo Retna Déwi-Hulupi, mestiné apes-apesé’ bag-ginitik baé. Rambutmu ja lagi njambel-widjén, durung pati katon jén ompong, apa manéh wong putu ja lagi sidji, mestiné malah isih bisa ngalahaké widadari. Nanging adja pada kebatjuten anggoné pada gegujon, betjiké sadjroning nemu kanugrahan iki, ngélingana marang panalangsa ing Pangéran. Bu ......... sanadjan pawakané anakmu ora kaja pawakané Radén Abimanju, nanging aku ngandel karo dak pepudji, bisaa anakmu duwé pambegan kang utama kaja déné pambegané R. Abimanju kang luhur, ja pambegané para satrija”.
 Wiwaha: ,,Menggah pambegané para satrija kang sedjati iku keprijé bapak ?”
 P.G. rada mapanaké lenggahé, sawisé njruput pangundjukané bandjur ngandika: ,,Ing sadjroning padalangan sawidjining satrija kang digawé kembanging lelakon iku, mesti ditut buri ing panakawan tetelu, jaiku Ki Lurah Semar, Nalagaréng lan Pétruk alias Kantongbolong. Satemené panakawan tetelu mau mung dadi pralambang, kang: diwudjudaké, murih kena ditonton ing akéh ora