Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

27

 B.G. : „O lah, boten saé pak, wong putri djaré gawé wédang baé tjuwèr, gèk wahna pinüdju seneng atiné, tjekaké boten bisa ta empun.”
 P.G. : „La ija ta, mesținé wong putri ja mengkono.”
 B.G. : „La wong kula kok pak.”
 P.G. : „Ija, ngono bu, iku putri sedjati, sarwa saguh sarwa bisa tur mumpuni temenan, Prigel lan ora para tampikan marang panggawéan kasar alus, bekti ing laki bisa momong putra sapituruté.”
 B.G. : „Tobil, tobil alé okih niku nèh pak. Niku napa mulang napa ngétjé.”
 P.G. : „Lo ora ta, wong mung mbatjutaké sumbarmu sing kaja...........”
 B.G. : „La enggih ngétjé.”
 P.G. : „Ora kok, nanging ja ndang rénéa, kangenan karo anaké kéné, adja mung ngetuprus ana ing pawon baé.”


Bijung ......... bijung pa ......... ak niki lé, lengené ........