déning ketaman kasusahan, balik ngandela menawa bakal nemu kabungahan kang gedé. Nanging bandjur adja kerem ing kabungahan mau, amarga kudu disumurupi menawa ing sadjroning bungah iku tjinedakan ing susahé.
Tumrap ing kowé Tati, djugaring pepatjanganmu karo Radén Hardana ing Bodja iku, bebasan s¢wu sedih s¢wu wirang nglumpuk dadi sidji. Nanging tumraping bapak ora mangkono nok. Iku ora djalaran aku bungah djugaring pepatjanganmu, lan ora saka kowé utawa R. Hardana nduwéni luput. Njatané mung saka bapak duwé .piandel, menawa sakabéhing lIelakon kang wis kelakon, iku kabéh djalaran wis saking beneré, Bapak ora bakal agluputaké sapa baé, malah menawa ing kéné ana sing luput, iku
luputé sibapak, déné teka kurang waspada, Déné benering lelakon kang wis kelakon iku mangkéné : Sanadjan saikiné manungsa ora utawa durung weruh ing benering lelakon iku, amarga wudjudé njedihaké marang awaké, ora ngepleki kaja pangarep-arepé lan sapituruté, ing tembé menawa ana lelakon kapénak kang-margané saka ora kelakoning karep kang saiki, ing kono manungsa lagi sok bisa sumurup adiling Kang Gawé Lelakon. Mula ora wadjib manungsa nglumpruk djalaran ketaman ing sedih, ora kena asrah bongkokan marang sétaning pepeteng, kang tundoné nenarik marang dedalan kang ora padang, ngrusakaké kuwarasaning awak, malah jén mbarengi apesing awak, bisa gawé owahing éngetan. Balik nulada laku utama, lelabuhané Déwi Kunti, ibuné para Pandawa, sapira gedéning kasusahané lan kasangsarané nalika ditilar.séda ing garwané, Prabu Pandudéwanata. Ingatasé putri, ditilari putra lima isih pada sumega kabéh, Ewa déné Sang Déwi saged mardi putra-putrané, ing mangsa diwasané pada dadi satrija utama, sotyaning bawana. Iku nggér pantes ko-leluri ambeging putri utama,”
R. Ngt.: ,,Ija nok, ora susah ko-sedihaké banget mungguh panampiké R. Hardana iku. Sapa sing weruh mbok-menawa mung minangka djedjalaran betjiking lelakonmu ing tembé-buri. Ora susah kowé isin marang sapa baé, amarga dudu kowé kang tjidra ing djandji. Nanging adja pisan kowé tjrita, sanadjan karoa sedulur déwé, bab tjidrané patjanganmu, amarga malah mung
Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/20
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
18