17
Wiwaha kepeksa njuwun pamit ngaso, betèké anggoné arep netepi kasusilan ing pasrawungan, adja nganti diarani ḍajoh kang ora weruh ing wajah. Sanadjan durung bisa turu, trima lèjèh-lèjèh ana ing paturon, isih lam-lamen marang tjitrané Sang Rara. Pangudarasané: „Sadjegku aku durung tau duwé rasa kang mangkéné. Ora kurang srawunganku putri kang aju-aju ana ing kuṭa kang gedé. Kabèh ora ana kang bisa gawé gorèhing atiku. Généa ana ing kuṭa tjilik baé teka keşrimpet ing gelung. È-èh, ana botjah manis kok kaja ngana. Ajaké sakèhing madu sadjagat iki diklumpukaké bandjur dadi wewudjudan kaja mangkono. Dèwi Ratih ing Tjakrakembang ajaké kasor tanḍing memanis. Dubilah, mung manisé anduleg ati, kanḍas ing bebalung, Begdjané kang pareng momong, É, ja kalah tjatjak menang tjatjak, bok dak ajatané ngarepaké marang dèwèké kadi saiki. Mbok-menawa ana begdjaku lan diparengaké déning Pangéran pinasți dadi djoḍoku.”
Katjarita, sarèhning kamar daḍoh mau karo ing omah buri mung kaelet-letan ing kori kaju tur ing ḍuwur aḍapur krépjak, mula Wiwaha isih krungu tjeṭa rerembugané kulawarga Hargaprawiran, jaiku pituturing bapa marang anak wadon kang kena ang pepeteng atiné, mangkéné:
„Anakku nggèr Tati, botjah manis, bapak uga wis tampa lajang saka Radèn Hardana, kang surasané andjugaraké anggoné pepatjangan karo kowé. Nok, iku wis begdjamu, begdjané sibapak apadéné si-ibu. Sepuluh gèk keprijé manèh, déné wis kudu mangkono dadiné, kabèh kudu mlèsèd saka pangarep-arep. Tati, aku kowé iki sipating kawula. Déné wadjibing kawula iku, mung saderma nglakoni, kabèh saka pangrèhing Pangéran kang Maha Kuwasa. Ja bener manungsa wadjib lan wenang setijar, nanging sawisé setijar mau sagadugé, dadining lelakon aku kowe ora wenang netepaké.
Sumurupa nok, sipating donja iki kabèh owah-gingsir ora langgeng tur, mengku rong prakara kang akosok-balèn. Betjik kosok-baliné, ala, bener … luput, tuwa … anom, awan kang padang iki uga kinosok-bali lan wengi kang peteng. Sok mangkonoa sakabèhing kasusahan iku uga ana kosok-baliné, jaiku kabungahan. Mula djeneng ora bener menawa manungsa pepes nglumpruk
Djodo kang pinasti
2