Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
15

Wasi Djaladara, mung ing alam modéren. Radén Ngantén Hargaprawira méh baé keseron anggoné ngrasani lan ngelokaké: ,,E, é tobil, tobil, negalé, negalé pak dajoh nika, la kok djebul isih enom temen. Toblas, tjakrak nggih pak ? Déné mau kok kaja gendruwo pating krembjah”,
R. Harga: ,,Hess, bu, wong ngrasani kok adu-arep ngono tur kok seru. — Eeeh, pantjén ja tjakrak temenan botjah iki. Sembada temen dada bau lan dedegé. Tobat, tobat lé ndjenggileng wandané, jén wajanga mono kaja R. Kakrasana. — Hara bu, iki rak botjah Ngajogja utawa Sala, ketara tandang-tanduké”.
Bareng Wiwaha liwat ing satjedaké anggoné pada lelungguhan, lakuné rada mendak, tjlatu karo mésem: bapak sakalijan.”
R. Harga: ,,Inggih, inggih, nak. Mangga mangké lelenggahan ingriki kémawon.”
Wiwaha: ,,Inggih bapak, kula badé nganggé djas, rumijin.”’
Ora wetara suwé Wiwaha metu saka kamaré wis manganggo ganep.
R. Harga: Vang: mangga nak, lenggah ngriki. Kula aturi nepangaken, punika keng ibu, sémah-kula.”
Wiwaha: ,,Inggih bu, nama kula Wiwaha.”
R. Ngt.: ,,Nuwun nak, mangga lenggahipun madjeng kémawon. Mangga lo nak bentéranipun (wédang) dipun undjuk, sampun nggalih pakéwed, djaragan pandjenengan sampun kersa ngaken
tijang-sepuh ingkang rama ngriki’’.
Wiwaha: ,,O, inggih bu, sakelangkung ing panuwun-kula, déné bapak sakalijan kepareng ngaken putra dateng kula.”
R. Harga: ,,Kula nuwun séwu inggih nak, manawi kula sawang nak Wiwaha punika sadjak asli saking Ngajogja utawi Sala, jianging titihan-pandjenengan kok tjiri B, punika punapa pandjenengan mentas tindakan dateng Djakarta punapa kados pundi?”
Wiwaha: ,,O, kauningana bapak, sedjatosipun kula punika pantjén asli Surakarta, namung sinau wonten kita Djakarta ngantos lami. Saweg kémawon rampung pasinaon-kula. Ing pangangkah sapunika, kula badé mantuk dateng Sala, kula lampahi mawi sepéda-motor kémawon. Kedjawi ngirid wragad sawetawis, se-