Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
14

Wetuné Wiwaha saka djamban gawé tjingaking wong sa, Hargaprawiran, Saketi ora pada ngira menawa memedi-sawah, kang pating srompal, pating gedabjah ngetjumut gluprut rantasan godong luntas, bisa mallh kaja Prabu Anom Kakrasana ing Mandura, Metu saka djamban njangking panganggo memedi-sawal, ing tangan kiwa, kang tengen njangking wadah sabun Jan anduk setengah teles Samana wis salin nganggo tilana wolleta gading, kemédja putih memplak adasi Iamuk, singset bregas tur tjantas, Pantes rambuté kang ngombak-banju disigar ing sisth kiwa. Dada djembar, bau lan bangkékané pengkuh, sembada dedeg-Jan djedjarotané. Sumringah anggentileng, sumorot mripaté, ora siwah lan


Metu saka djamban njangking panganggo ............