Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
13

Wiwaha: ,,Inggih -bapak namung sasami-sami, kula rumaos kawula ingkang namung sadermi nglampahi, saladjengipun kula sumanggakaken dateng Pangéran.”
R. Harga: ,,O, inggih nak, punika kasinggihan sanget ; sapunika kepareng boten keparenga pandjenengan kula aturi pinarak dateng pondok-kula. Sepisan, kula kepéngin ngladjengaken sadérékan kalijan anak, kaping kalih, pandjenengan ngiras pantes lerem sawetawis, ngentosi dadosing sepéda-motor ingkang badé dipun dandosi rumijin.”
Wiwaha: ,,O, inggih bapak sakelangkung nuwun. Manawi saéstu boten wonten pakéwedipun, kula inggih sagah, kaparenga nedahaken grijaning-montir rumijin, ingkang saged ndandosi sepéda-kula”.
R. Harga: ,,E, sampun ta, boten susah pandjenengan putugaken pijambak, mangké kadjengipun dipun bekta réntjang-kula kémawon. — Kang sopir, sepéda-motor niki mengké mang terké teng grijané Amad-montir. Mang tjrijos jén seking kula. Lan kula ngresaja kéa ndisikaké panggarapé. Sésuk-ésuk sageda empun dadi”.
Sopir: ,,Sandika”.
R. Harga: ,,Ajo nduk, — mangga nak nitih oto-kula kémawon".
Wiwaha ngutjuli koper lulang kang dierut ing sepéda-motor bandjur mapan ing sopiran, aturé : ,, Kepareng kula sopiri kemawon bapak. Pandjenengan lenggah ing wingking kémawon”.
R. Harga: ,,O, inggih, inggih nak, mangga kula aturi nyasta”.
Prijaji telu mau bandjur budal nunggang oto menjang Harga-prawiran. Satekané ing kono, R.M. Wiwaha diprenahaké ana ing kamar ngarep, pantjén kamar sadijan dajoh kang nginep ing kono.
R. Harga: ,,Mangga nak, dipun sekétjakaken kémawon, punapa siram-siram rumijin, kadjengipun seger”.
Wiwaha: ,,Inggih bapak, kula badé adus tuwin santun rumijin, amargi badan kula sakodjur reged sadaja”.
R. Harga: ,,O, la...... mijos ngriki kémawon nak, la punika kulahipun wonten ing wingking.”
R.M. Wiwaha: ,.nggih nuwun bapak”.