kang memelas apadéné wudjudé Sang Rara kang aju éndah iku R.M. Wiwaha krasa atiné lan runtuh welasé. Kedjaba iku Wiwaha ndomblong ngrasa durung tau weruh wanita kang manisé ulekan kaja botjah wadon iku. Ing dalem batin ngalembana mangkéné: ,,E èh lagi tumon iki aku, ana wong prembik-prembik teka isih manis mulek ndulek kaja mangkono, iba jèn mèsem ajaké bisa ngobahaké kupluk temenan. Botjah ngendi baja...... Tobat untuné lé gumebjar, ajaké dikesik saben dina."
Kelanturé anggoné mbatin R. M. Wiwaha mau nganti mèh ora bisa mangsuli. Tudjuné isih éling menjang djedjering rembug. Wangṣulané rada alot sawetara: „O, boten dados punapa, pandjenengan boten perlu prihatos, amargi punika sanès lepat pandjenengan pijambak, sanadjan kula ugi lepat. Malah mbok-manawi langkung ageng kalepatan-kula katimbang kalepatan-pandjenengan. Leresipun kula ingkang kedah tansah wewéka, boten kénging nglampahaken sepéḍa-motor langkung saking mesţinipun wonten salebeting kita. Punapa malih bab karisakaning sepéḍa-motor, punika sanès leresipun manawi pandjenengan ingkang nanggel. Tjekakipun punika lepat-kula pijambak. Nuwun djeng, saèstu, pandjenengan boten susah prihatos".
Hartati wis rada sarèh, bandjúr mangsuli:,,Sanadjan makatena kula wadjib ngaturaken genging panuwun ḍateng pandjenengan, amargi pandjenengan ingkang prasasat njambet umur kula".
Wiwaha:,,O, djeng, punika ugi kirang leres, amarġi kawula punika namung sadermi nglampahi, déné leresipun sadaja panarimah wau namung kedah katur ḍateng. Ingkang Damel Lelampahan".
Nalika samana ana sawidjining oto manḍeg satjeḍaking rubung-rubung kono. Rara Hartati tetéla panduluné, menawa kang teka iku wong-tuwané, mula bandjur diplajoni. Apa kang mentas kelakon kabèh dikanḍakaké marang bapakné, malah ngakoni sapira gedéning kaluputané déwé, Radèn Harga marani wong kang kaja memedi-sawah iku kanți polatan sumèh minangka tanda rumaket. Utjapé: „Nak, kula punika bapakipun laré èstri ingkang pandjenengan pitulungi wau, mila kula ugi ngaturaken panuwun ḍateng pandjenengan".
Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/14
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
12