Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
11

mowak. Wong mau krembjah-krembjah metu saka paluntasan isih karo mèsem, sadjak awèh trima kasih marang kang pada arep tetulung marang ḍèwèké. Wong-wong mau akèh kang pada ora bisa ngampet gujuné, weruh wewudjudan kang lagi djumeḍul saka paluntasan mau. Sawidjining wong wadon sadjak mrijajèni pitakon:
,,Napa ènten sing kraos badané nak?" Wangsulané kang dipitakoni: „O, boten bu".
 Kotjapa Rara Hartati, bareng ngelèkaké mripaté sanalika ngerti marang geḍéning kaluputané. Gurawalan mèlu marani menjang paluntasan. Sedjané uga arep mèlu tetulung sabisa-bisané lan arep awèh trima kasih marang wong iku, kang tetéla njlametaké djiwané. O, sapira bakal panalangsané menawa wong iku nganti tumeka ing tiwas, kang djalaran saka kaluputané Rara Hartati. Plong, kaja nemu emas sawungkal, bareng sumurup jèn wong kang kaja memedi-sawah mėntjungul saka paluntasan. Sang Rara ora ngãèwès¸ menjang panutuhing wong-wong ing kono marang ḍèwèké, kang utjapé mangkéné: „,O, niku lepat-sampéjan Dèn Rara, tjoba boten prigel lan trampil sing njetir, éééé, dadi napa sampéjan wau".
 Salah-sawidjining wong kang ngrubung memedi-sawah mau ana kang takon mangkéné: „Napa ndak boten ènten sing kraos jektos ta Dèn badané, déné ḍawah ndika wau muntir”.
 Wangsulané „Sanikiné empun boten kok pak, ḍèk muntir ènten nḍuwur wau geger kula nggih rada krasa mak klenjer sekedik, nanging saniki empun boten krasa melih. —Lo, djebul sepéḍané mèlu djungkir-walik".
 Rara Hartati madju karo ngutjap prembèh-prembèh, amarga saka piduwungé lan welasé menjang kang pinda memedi-sawah, tembungé peḍot-peḍot: „Pun... punik....... ka ...... lep......lepat kul...... la saḍèr...... rèk, kula...... nju......... wun ngapun........ ten. Dènè kar........ ri sakaning........ sepéḍa, ....... kula ingkang......... nanggel saènipun malih".
 Kang pada diarani memedi-sawah mau sedjatiné Radèn Mas Wiwaha, lagi baé lulus pasinaoné saka Pamulangan Luhur Kadokteran ing Djakarta, Bareng Raden Mas Wiwaha krungu tembung