Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
8

Sawidjining dina Rara Hartati katon linggih ing dlipan sadjroning kamar paturoné. Semuné lagi nandang sungkawa, katanda suntruting polatané, Lambéné kang ngisor tansah kinawedaké, mripat katja-katja malah sok katon mbrebel. Tjahjané bjar-pet, gék katon mangah-mangah, gék katon putjet. Tangané ngremed-


.........mripat katja-katja.........

ngremed lajang dalah amplopé, Méh baé lajang mau adjur diremed-remed, Katudjuné Sang Rara éling menawa sakabthing lajang kang saka Radén Hardana, kudu diaturaké marang rama-ibuné, Déné lajang kang diremed-remed mau sedjatiné saka patjangané, Surasaning lajang wosé andjugaraké anggoné pail. pepatjangan, Radén Hardana duwé kapitajan, menawa diban-