Kaca iki wis dikorèksi
- 5 -
I. DJAKA LODANG
Bubuka
Rongèh djleg tumiba gagaran santosa wartané mèh teka sikarą karoda tatage tan katon barang-barang ngerong saguh tanpa raga katali kawawar dadal amekasi tanda murang tata
Gambuh
1. Djaka Lodang gumandul praptaning pang ngeténgkrang sru muwus éling-eling pasti karsaning Hjang Widi gunung mendak djurang mbrendjul ingungsir pradja prang kasor
2. Nanging ajwa kaliru sumurupa kanda kang tinamtú nadyan mendak mendaking gunung wus pasti maksih katon tabetipun béda lawan djurang gesong
3. Nadyan bisa mbarendjul tanpa tawing énggal djugrugipun kalakone karsaning Hjang wus: pinasti jèn ngidak sangkalanipun sirna tata èstining wong
Sinom
1. Sasedyané tanpa dadya satjipta-tjipta tanpolih kang raraton-raton rantas