- ing Surakarta risak
- apan dadya wana tuwin dados dusun
- santun pradja ing Ketangga
- Nata kalih wlas mandiri
Pulih gemah sarta hardja,
tata tentrem suka manah(ể) tyang alit
sirna kang samja laku dur
murah sandang lan pangan
wit wong agung asih mring kawulanipun
gung paring dana tan kendat
murah padjegirèng sitiSadjung padjegé satengah
tanpa uba-rampé lan biwit-biwit (?)
sirna ingkang radja-pundut
tuwin pra luhur Djawa
pisah nggoné saudara lan guprenur
kabèh ingkang bangsa sabrang
samja mulih sirna gusis
T j é n t a n g a n
Serat "Kala-tida Piningit" punika anggèn-kula manggih wonten ing latjinipun Redaksi ari-warti "Sedya Tama" Ngajogja, kala taun 1930, awor naskah warni2 ingkang dipunpekir.Wudjudipun inggih tjekak namung 11 pada sekar Sinom punika.
Déné serat "Wéda-tama Piningit" punika anggèn-kula nurun Kagunganipun R. Dibjahardjija ing Ngajogja, kala taun 1951, seratan Latin tik-tikan. Pandjenenganipun nurun saking pundi, kula boten njuwun katrangan, ananging kula saged nginten-inten: asal-usulipun saking "Weda-tama Piningit" aksara Djawi tjap-tjapan. Amargi kala taun ± 1940 kula sampun naté sumerep serat wau ingkang tjap-tjapan kadasaraken wonten sangadjenging Hotel Pasar Pon Surakarta, ananging kula boten nj_titèkaken sinten Penerbitipun ,