Menyang kontèn

Kaca:Djangka Ranggawarsitan.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 33 —

    ngalamat pradja rengka
    wit tjandrené naréndra si Kala-mre tju
    patihé Kala-wasesa
    Kala-tida djamanèhi

  1. Wong agung remen mbebahak
    marang radja-brananira wong tjilik
    ilang labe ting budyaju
    kisruh adiling Nata
    pra kawula katah kang nandang margijuh
    kawrattan kang sapu-denda
    kénging padjeg rupi kalih

  2. Katah gelaring kawula
    kumpul-kumpul ting g(a) lubrag ting
    pan wis ilang kemilipun katjemil
    wit kapidih pranatan
    ingkang ngasta pangadilan kwasa ngukum
    wis pasrah mring sédjé bangsa
    pan wis makaten kang djangdji

  3. Ing tanah Djawa ketaman
    ingkang ngasta njakra (mang) gilingan
    rikala djaman rumuhun (ra) něki
    Swarga jang paduka
    tabe-tabe nDjeng Sinuwun Sultan Agung
    ke taman pranatanira
    Djuru taman kang sajekti

  4. Puniku pinanggihira
    ngantos mbendjing dumugi Nata kaping
    sawelas Kangd jeng Sinuwun
    punika sadaja wrat
    pra kawula katah susah manahipun
    ananging punika djaman
    mung sakedap mèh ngengkoki

  5. Wangsulé wahju Nurbuwah
    mulih mulja pradja ing tanah Djawi
    namung wus pindah kadatun