– 20 –
tyasé katrem kajoman ajuhing budi
budyardja mardjajèng limut
amawas pangèsti awon
Ninggal pakarti dudu
kadarpaning paréntah ginugu
mring pakarjan saregep temen nastiti
ngisor nduwur tyase djumbuh
tan ana waon-winaonNgratani sapradja gung
kèh sardjana sudjana ing kéwuh
nora kéwran ing witjara agal alit
pulih duk djaman rumuhun
tyasé teteg teguh tanggon
Tjéntangan
(1) Serat "Sabda Tama" sekar Gambuh 22 pada ing nginggil punika wau mèsi sandi-asmaninpun ingkang ijasa, manggèn wonten ing wiwitaning pada, mungel: "Raden Ngabèhi Ranggawarsita ing kedung kol Surakarta-Adiningrat".
(2) Sandi-asma punika pantjènipun kénging kanggé titikan ingkang permati, nanging émanipun katah sandi-asma ingkang gadungan. Boten kirang2 serat waosan tembang ingkang wonten sandi-asmanipun Ranggawarsitan ananging sanès ijasanipun R.Ng. Ranggawarsita.
Ugi wonten "djangka" sekar Gambuh 5 pada mawi sandi-asma Ranggawarsitan gadungan, naté kaewrat wonten ing ari-warti "Darma Kanda" ing Surakarta taun 1900 langkung welasan, ungelipun makaten:
Rong nétra wus tumlakup
merem dipet ngatas mring Hjang Agung
njuwun uning wahananira ing wuri
bjar sumilak katon lugu
bakal ananing lalakon