Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

langi sesake dhadha, yen dong sepi Gendra njur mlebu kamar nggoleki topeng Penthul sing biasane digawa sabubare kanggo tanggapan. Topeng mau diiling-ilingi, njur kanthi alon dienggo nutupi raine. Gendra kaya kena hipnotis, njur clekithang-clekitheng njoged ing njero kamar. Panggonan rupeg mau ing pangrasane malih dadi kalangan kang jembar ngilak-ilak.

Sedina rong dina tingkahe Gendra ora kadenangan. Suwe-suwe kadenangan Mitun. Weruh pakartine kang aneh mau, Mitun saya munclakmunclak nesune.

“Kowe wis gendheng ya Kang? Esok topeng, sore topeng, awan topeng, bengi topeng, apa wareg wetengmu mangan topeng?”

Gendra sing lagi nganggo topeng manggut-manggut.

“Aku dudu bojomu Tun. Aku si Penthul kang ndadekake guyune wong akeh. Bojomu kuwi jenenge Gendra sing ora kuwagang nyukupi kebutuhane kulawarganr, dene yen Si Penthul mujudake rol ing pakumpan jaranan “Turangga Laras”. Jawabe Gendra kaya wong kasurupan.

“Kang, sajake kowe pancen wis ora waras!”

“Yak owe kuwi Tun sing ora waras. Mosok donya sing dipikir mung isine weteng. Donya ora tau gawe bungah, sing ana mung sangganing urip.”

“Kang…!” Mitun saya ora ngerti alang ujure urip sing dipikir bojone. Arepa kaya ngapa Gendra mono gurulakine, sing kudu dibekteni, uga bapak saka anak-anake.

“Elinga Kang…” Mitun nangis ngguguk.

Wiwit kedadeyan Gendra dianggep “owah pikire” pirang-pirang tanggapan Gendra ora dijak. Mulane saya suwe grup jaranan “Turangga Laras” malih sepi tanggapane. Pak Temu Kancil sing dadi sesepuhe grup jaranan iki kebingungan. Sedhela maneh kesenian rakyat pimpinane iki bakal mati. Jalaran mati uripe mung gumantung marang warga sing gelem urun nanggap. Saya ngelu maneh tumrap Temu Kancil nalika esuk mau dheweke dipanggil nyang kelurahan. Pak Lurah antuk dhawuh saka camat supaya ngirim grup kesenian rakyat menyang kabupaten. Ing kabupaten mengko jarene arep diseleksi lan sing kepilih bakal di kirimake menyang tingkat propinsi.

“Arepa dikayangapa grup Turangga Laras isih mujudake grup pengpengan ing kene. Dadi ya kudu ngirim menyang kabupaten. dadi kudu koksiapne sing temenanlo Pak Temu.” Ngono ngendikane Lurah.

“Niki nuwun sewu lo, Pak Lurah. Wekdal niki para paragane nembe wayah macul, dados sakjane nggih kawratan. Sakniki wekdale matun Pak Lurah, tiyang-tiyang grup jaranan nggih teksih ngebotke matune, Napa malih sing dadi rol niku rak Gendra. kamangka Gendra sakniki owah pikire. nek saged mbok nggih pados lintu kemawon.” Temu Kancil menehi alasan kang pamrihe supaya ora usah ngirim grup kesenian wae.

86

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010