Menyang kontèn

Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Wis ya, aku tak pamit dhisik. Liya dina ketemu maneh, Sawitri.”

Dumadakan Setiawan menyat ngadeg, terus pamitan sajak kesusu.

Ora wurung tekane Setiawan ngganggu atine Sawitri. Dheweke kerep nratab lan dheg-dhegan. Mangan dadi ora enak lan turu ora kepenak, jalaran atine tansah kuwatir yen nganti Setiawan sida lapur pulisi lan wartawan temenan ngenani urusane karo Pak Bei Suryo. Mbok Yem lan Mbok Nah rewange, kerep meruhi bendarane putri dheleg-dheleg ijen karo dleweran iluhe. Nanging sakarone ora wani takon apa sebabe. Sauntara kuwi Pak Bei Suryo kerep kuciwa, angger ngajak langen asmara, Sawitri sajak aras-arasen anggone ngladeni. Kerep saking jengkele, tengah wengi Sawitri ditempiling utawa disabeti nganggo sabuke sing saka lulang sapi. Senajan larane banget lara, nanging Sawitri ora kawetu sambat lan tangise. Wewayangan Setiawan bali ngalela nggodha ati. Kaya-kaya Sawitri kepengin wadul marang Setiawan ngenani panandhange.

“Yen kowe wis ora gelem ngladeni aku, minggata saka omah kene! Yen aku kepengin golek bojo maneh, isih akeh tunggale sing luwih ayu tinimbang kowe!” Ujare Pak Bei Suryo sora karo nyabetake sabuke ing gegere Sawitri kang wus nglegena nganti bilur-bilur ngemu getih. Sawitri mung meneng. Ora wangsulan. Tekade, pancen apa bae arep diadhepi kanthi tabah. Senajan atine njerit, nangis lan ragane lara kabeh wareg diajar kakunge. Jarene para sepuh, setya bekti kuwi pancen regane larang.

“Apa kowe duwe dhemenan? Wis tumindak slingkuh karo wong lanang liya? Wangsulana! Wangsulana!” Mak pleg…, pleg...! Tangane Pak Bei Suryo kumleyang maneh ing pipine. Sawitri ambruk karo mripate klemun-klemun. Nalika diseret saka paturon, ya mung pasrah kaya bonekah.

Ing dina liyane, Setiawan teka maneh. Sakjane Sawitri aras-arasen metu nemoni. Nanging suwe-suwe kojk ya mesakake.

“Ana apa maneh, Mas?”

“Aku wis ketemu Pak Suryo, nanging dheweke tetep semaya. Terus suk kapan diberesi?” guneme Setiawan wiwit mampang-mampang.

Sawitri meneng. Ora nyambungi. Lambene digeget nganti krasaperih.

“Aku kerep ngonangi Pak Suryo kencan karo wong ayu ing hotel. Aku dadi sujana, mengko gek dhuwitku dientekake kanggo royalan kaya ngono? Apa kowe wis ngerti, Sawitri?”

Sawitri panggah meneng. Dhadhane saya seseg, wusana wutah dadi tangis ngungguk kalara-lara. Nanging Setiawan sajak ora perduli.

“Sawitri, ayo lunga sedhela karo aku. Gelis salina, dakenteni!” prentahe Setiawan sabanjure. Atos, ora semanak.

“Aku arep kok jak lungan menyang endi, Mas?”

“Aja kakehan takon! Pokoke, ayo mangkat. Kanggo ngrampungi urusane Pak Suryo,” wangsulane Setiawan atos.

82

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010