Menyang kontèn

Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/94

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Yem supaya ngetokake unjukan menyang pendhapa. Metune Mbok Yem, mujudake kalodhangan tumrap Sawitri kanggo uwal saka swasana kaku mau.

“Mangga diunjuk, Mas. Mumpung isih anget,” ujare marang tamune.

Tanpa wangsulan, Setiawan banjur nyruput kopi kang disuguhake. Sawuse nyumet rokoke, Setiawan lagi ngandhakake perlune.

“Ngene, Sawitri. Tekaku mrene ora arep kepengin nyambung katresnan sing wis putung utawa duwe niyat nganggu rumah tanggamu. Aku melu seneng, dene kowe katon mulya bareng dadi garwane Pak Bei Suryo. Mung sing dakpikir, kowe apa during ngerti yen Pak Bei Suryo kuwi piyayi julig sing seneng apus-apus?”

Sawitri sapandurat kaget bareng krungu kandhane Setiawan sing pungkasan. Nanging during mudheng sing dikarepake.

“Pak Bei Suryo wis sawatara dadi patner bisnisku. Ora ketang lagi thimik-thimik, aku saiki uga dadi pengusaha bathik ing Cirebon. Wiwitane urusane karo Pak Suryo lancar. Nanging keri-keri iki aku kerep dibayar cek kosong lan anggone mbayar barang dagangana kerep seret, njalari aku kewirangan lan rugi gedhen. Apa kuwi jenengi ora tukang apusapus, Sawitri? Geneya dheweke kok ora bisa njaga keprajane minangka sawijining ningrat kang kinurmat?” Setiawan nerusake guneme kanggo nyuntak rasa jengkele. Atine Sawitri dadi saya ora kepenak.

“Mas Setiawan, aja dadi atimu. Aku ora ngerti urusanmu karo Pak Suryo. Mula becike Mas Setiawan nemoni Pak Suryo dhewe, kareben urusane enggal rampung,” Sawitri nyelani urun panemu.

“Aku mung kepengin menehi weruh marang kowe, Sawitri. Yen wis entek kesabaranku, kasus iki bakal daklaporake pulisi lan wartawan kareben ditulis ing korane,” Setiawan wiwit ngancam.

“Aja, Mas! Aja..! Aku bae sing ngrampungake urusane. Terus Mas Setiawan kapusan pira? Sepuluh yuta? Selawe yuta? Satus yuta? Mbokmanawa dhuwit simpenanku ing bank lan saka anggonku adol kalung, gelang, ali-ali, suweng, lan liya-liyane, cukup kanggo tombok,” Sawitri atine was-was, nganti guneme memelas.

“Aku ora butuh pangorbananmu, Sawitri. Kowe kuwi wong wadon sing isih lugu, senajan saiki wis adus madu lan dadi bojone wong sugih mblegedhu …,” celathune Setiawan tandhes.

“Terus karepmu piye, Mas? Senajan kepriye bae, Pak Suryo kuwi bojoku. Kudu dakbelani! Aku saguh nomboki, waton perkara iki ora nyebar menjaba. Mbok bisa njaga aku, ta Mas Setiawan..!”

Sawitri wiwit membik-membik nangis. Setiawan sing isih kerep njedhul ing impene, bareng teka kok nggawa perkara. Senajan apa sing dikandhakake Setiawan mau durung cetha bener lan orane, nanging Sawitri miris krungu pangancame Setiawan kang ora guyonan iku.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

81