Menyang kontèn

Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

priya kang ditresnani. Bareng Sawitri dijodhokake wong tuwane karo Pak Bei Suryo, Setiawan banjur nglembara embuh menyang endi lan ora nate ngabari.

“Dhiajeng aku daksare dhisik. Yen ana tamu, kandhakna nek lagi menyang luar kota” welinge Pak Bei Suryo nalika kondur saka sowan kraton ngrawuhi upacara tingalan dalem jumenengan Ingkang Sinuhun. Jalaran sayah, kakunge nganti ora kober dhahar awan.

“Sendika dhawuh … Kangmas…,” Sawitri ngestokake dhawuh karo nyembah. Kanggo ngetokake setya bektine marang kakunge.

Busana kejawen kang mung diklumbrukake kakunge ing kursi, banjur dirawati siji mbaka siji kanthi ngati-ati. Selope kang mung diuncalake ing ngisor dhipan, dilapi resik terus disemir nganti gilap kinclong. Sawise kuwi Sawitri prentah Mbok Yem lan Mbok Nah, supaya nyepakake dhaharan lan njukan ing meja makan kanggo kakunge yen wungu sare mengko.

Ing sawijining dina, Sawitri kaget nalika ana tamu priya gagah numpak mobil kijang. Nalika tamune mau mudhun saka mobile, Sawitri isih rumangsa during wanuh, awit tamune nganggo kaca mata ireng.

“Sawitri pangling karo aku ya?” Tamune mau ndhisiki nyapa karo nggegem kenceng tangane, nganti Sawitri rumangsa kecipuhan arep ngeculake.

“Nuwun sewu, Panjenengan sinten? Badhe ngersakaken manggihi Pak Suryo?” Sawitri takon setengah ndomblong.

“Sawitri, Sawitri, lagi pisah setaunan wae kowe wis lali karo aku ta? Dupeh kowe saiki dadi bojone wong sugih wae, terus sombong.”

Tamune malah banjur nggablogi Sawitri sajak wis kulina, njalari Sawitri saya bingung.

“Mangga, mangga lenggah.” Sawitri banjur ngacarani tamune mlebu pendhapa. Bareng tamune lungguh kursi karo nyopot kaca matane, Sawitri dadi kaget. Jebul tamune Setiawan. Setiawan genti digablog isa geleme kanggo nyuntak rasa senenge.

“Oh, jebul Mas Setiawan. Dakkira sapa. Apa arep ketemu Pak Surya, apa mung arep dolan wae?”

“Mung kepengin dolan, kok. Butuh ketemu kowe. Kanggo nambahi rasa kangen …” wangsulane Setiawan isih kober ngajak guyon.

“Kok ngerti aku manggon ana kene, sapa sing ngandhani Mas?”

“Ya, takon-takon,” wangsulane Setiawan kalem.

Sawitri banjur uga meneng. Sakarone katon kaku, sawise sawetara suwe ora ketemu. Sajake kelingan dina-dina kang kawuri nalika isih padha pacaran.

Mbok Nah lan Mbok Yem rebutan nginjen saka mburi kordhen, kepengin ngerti sapa ta tamune bendara putri. Mbok Nah banjur njawil Mbok

80

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010