Menyang kontèn

Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kaya kentekan napas, nyemburake abab sing ora enak lan ganda srutu apeg, nganti Sawitri arep blokekan mutah-mutah. Suwe-suwe Sawitri dadi ngerti menawa emboke sing buruh bathik marang Pak Bei Surya, duwe utang cukup akeh kanggo tambel butuh saben dinane. Sebab ora bisa nyaur utange, embokne kepeksa nampa panglamare juragane sing kepengin ngepek bojo dheweke. Satemene Sawitri nesu banget marang emboke. Apa dheweke dianggep barang sing bisa kanggo tombok nyaur utang? Nanging bareng kelingan yen emboke anggone utang marang Pak Bei Suryo mau jalaran kepepet, abote weteng luwe, kanggo ngopeni lan nyekolahake anake telu senajan mung pantog tekan SLTP. Sawitri dadi nangis dhewe. Atine banjur dipupus. Barang yen wis kebacut, terus arep dikapakake?

Ing bab iki emboke ora luput. Katresnane marang anak, nganti dilabuhi kedhungsangan mburuh bathik saka esuk tekan sore sing pengasilane ora mingsra. Yen pasaran bathik lagi sepi, emboke uga diakon juragane umbah-umbah, reresik omah lan nindakake pegaweyan srabutan liyane ora beda karo babu kae. Sawitri isih kelingan, nalika jaman cilikane, emboke kerep ngoleh-olehi sega salawuhe ing rantang lan buntelan isi roti utawa panganan liyane. Emboke seneng banget weruh anak-anake anggone mangan katon dhokoh, telap-telep. Maklum, biasane mung mangan nganggo jangan bening karo sambel, lawuhe tempe utawa tahu sacuwil. Bareng mangan sega paringan Pak Bei, nganggo opor pitik utawa sambel goreng daging sapi sing mirasa, rumangsa kaya lagi pesta andrawina.

Saiki bareng dadi garwane Pak Bei Suryo, Sawitri saben dinane kelakon tansah mangan enak, kang arang-arang dirasakake nalika jamane bocah. Samubarang kabutuhane uga wis cemepak. Kepengin nganggo sandhangan sing modhel apa wae, apa dene jarik bathik lan kebayak sing larang regane, uga bisa kelakon. Yen butuh apa-apa, Sawitri kari prentah Mbok Yem utawa Mbok Nah rewange. Arep blanja, nekani arisan, lan arep lunga menyang endi wae, diterake Kasmija, sopir pribadhi. Awit saka dhawuhe Pak Bei, omahe wong tuwane sing gedheg lan wis dhoyong banjur didandani. Adhine loro sing mandheg sekolahe, diakon sekolah maneh nerusake tekan SLTA, sokur bisa tekan perguruwan tinggi.

“Badhe ngersakake menapa Bu Bei? Badhe tindak pundi, Den, mangga kula dherekaken.”

Yen rewang lan sopire padha omong ngono, Sawitri ngasi kecipuhan anggone arep mangsuli. Awit dheweke wis rumangsa turah cukup diladeni, jalaran Pak Bei sugih lan kuwasa. Sawitri bisa nempil kamuktene, mundhak drajade lan dieringi dening sapa wae. Saiki dadi bendara gedhe sing bisa ngereh sapa wae kang dadi andhahane. Nanging kaya manuk sing ana kurungan mas sing senajan pakan lan omben-ombene wis cemepak, apa suwe-suwe dheweke betah? Sawitri banjur kelingan Setiawan,

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

79