Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SAWITRI

Moch. Nursyahid P.

Dadi wong wadon iku, yen wis oleh bojo, senajan bojone mau durung nate ditepungi tur wis setengah tuwa pisan, kang umure kacek meh limang windu karo dheweke, nanging yen sing njodhokake wong tuwa, ya kudu ditampa tangan loro. Arep nggugat karo nangis ngguguk nganti asat iluhe? Tuwas muspra. Arep minggat, lunga saparan-paran kanggo nyingkiri kasunyatan sing getir? Ya tanpa guna. Mbok mlayua tekan pucuking jagad pisan, pungkasane bakal kecekel, awit sing arep ngepek bojo kuwi wong sugih dhuwit sing bisa kongkonan wong-wong sing kejem kanggo nglacak playune. Apa maneh dinitah wadon, dheweke isih kesrimpet pinjung lan rumangsa ringkih. Isih kalah rosa karo kekuwatane wong lanang lan wengise panguripan. Mula Salindri bisane mung pasrah nalika kudu gelem dadi bojone raden Ngabehi Suryodiharjo sing wis dhudha kaping telu, anake sakkandhang koplak lan putune sakpirang-pirang iku. Senajan batine Sawitri nangis kelara-lara, rumangsa dadi wong wadon sing paling apes ing donya.

“Kowe kudu tansah mbangun turut lan setya bekti karo bojomu, Ndhuk. Sebab sing jenenge wong wadon iku, yen wis omah-omag, perkara kuwi jeneng wajib. Jagad bakal nangis, yen nganti ana wong wadon wani marang bojone. Apa maneh nganti tumindak slingkuh. Wong wadon sing slingkuh kuwi, nistha sanistha-nisthane wong. Luwih aji godhong jati garing,” kandhane embokne nalika Sawitri arep diboyong Raden Ngabehi Suryodiharjo menyang Dalem Suryodiharjan, manggon ana omah kuna wangun joglo sing platarane jembar ing kampung Buluwarti.

“Pangestune wae, Mbok…” Sawitri ora bisa guneman akeh-akeh. Sedhela-sedhela srikutan ngulapi iluhe. Rumangsa trenyuh lan abot banget ninggal embokne sing wis nglairake lan nggedhekake. Saploke bapakne tinggal donya rong taun kepungkur, sing mrantasi samubarange kari emboke. Klebu njodhokake Pak Bei Suryo sing juragan bathik iku.

Sawitri nangis maneh, nalika bengine Pak Bei Suryo ngajak pengantenan. Rasane kok sepi lan aber, ngladeni wong lanang sing tanpa pawitan katresnan. Apa maneh carane ngungrum kasar karo menggeh-menggeh

78

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010