Widayati
Dak sawang maneh tanggalan sing ana tembok kae. Sasate ora percaya yen saiki isih tanggal rong puluh. Remben banget playune tanggal
iki, mangka playune dhuwit kok ya kaya playune sepur. Cepete eram.
Tanggal rong puluh, batinku. Iku tegese isih kurang sepuluh dina aku nampa bayaran. Mangka neng dhompetku saiki mung ana ewonan telu. Iki wae arep gawe tuku bensin. Mangka lakune urip isih kurang sepuluh dina maneh nganti bayaran, njur arep mangan apa kulawargaku iki? Aku malih kelingan nalika aku sarapan mau esuk. Sambate bojoku marakake selera sarapanku ilang.
“Pak, berase wis arep entek lho! Dhuwit blanjane uga kari rong dina telung dina maneh.”
“Ya ngutang dhisik kana lho Bu, yen pancen kepepet ora ana maneh. Lha piye, wong aku dhewe ya ora duwe dhuwit liyane saka bayaran kae. Ya engko yen wis bayaran gage-gage disaur.”
“Bagus, ya durung mbayar buku. Mangka jarene saiki kudu wis lunas kabeh. Iya yen buku sing kudu dituku kuwi mung siji utawa loro ngono. Lha wong cacahe ana sepuluhan. Mangka regane buku siji wae luwih saka limang ewu. Coba, saiki bocahe mberot ora gelem budhal sekolah yen ora digawani dhuwite. Njur si Nita uga durung mbayar sekolah, sak mbayar rekreasi pisan. Jan mumet aku, Pak, ngrasakake urip kaya ngene iki.”
“Lha njur kudu piye Bu, ya uwis ta anane ngene iki. Engko rak ana dalan kanggo golek rejeki liyane. Perkara Bagus, engko ben budhal bareng aku wae. Engko ndak matur neng gurune yen durung duwe dhuwit, ben diparingi kalonggaran wektu nggo nglunasi. Njur bab Nita, mbayar sekolahe didhobel karo sasi ngarep wae. Bab rekreasi ora sah dielokake. Wong sekolah sih TK wae kok aneh-aneh!” semaurku mungkasi rembug esuk mau.
Saiki ganti daksawang bocah-bocah iki. Katon serius ngadhepi soal ulangan. Bathuke ana sing dijembar-ciutake ngatonake yen lagi mikir tenan. Ana sing kukur-kukur sirah. Uga ana sing ngolak-alik soal karo
74
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010