Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

oleh borongan real estate jalaran ngepasi jaman reformasi iki, sida amoh mungsuh sisihane.

“Kokkira Koh Chin iku mbah buyut sampeyan, tah? Utang, terus gak nyaur ngono? Utang durung genep limang ewu wae, wis kecih nek nagih. Sampeyan iku mbok mbecak, apa tah melok proyek padhat karya, apa nyambut gawe ngamen. Wong saiki arek ngamen wis bebas merdheka nggawe syair kok!”

“Gak ngrasakna … awakmu iku mbecak, aku ki gak kuwat mancal. Apa maneh melok kerja proyek. Dengkek rek, peyok. Ngamen? Hi… hi… hi…, nggak usah yah!” lageyan lan swara pungkasan, Kamdi niruniru Dorce Gamalama.

Ndeleng tingkahe sing lanang kaya ngono, Dasih malah ora gumuyu apa dene mesem. Yen bojone lagi kaya sing mentas dideleng, mbok dikapak-kapakake ora bakal kampiran nesu. Ndableg. Malah kena diarani mbahne ndableg. Jajal kaya telung dina kepungkur. Beras wis kari wadahe, pragen aneng pawon, karo sisa ambune trasi. Kok ya bisa-bisane, ing ndhuwur meja ana sega salawuhe pisan. Dasih banjur nlesih Kamdi.

“Sega apa iki?” nuju meja.

“Sega saka beras, punel… rega larang. Sayure … ngerti awakmu? Iwak wedhus, bumbu pedhes tur dicampur godhong dhondhong, mesthi seger.”

“Wah, bikin surprise. Ayo dipangan,” Dasih cukat trengginas nyidhuki sega aneng piring, lan upleg-upleg jangan, nggoleki irisan iwak wedhus.

“Lha ngendi iwake, Cak?”

“Emak esuk maeng blanja neng pasar. Critane, iwake wedhus wis entek, kari iwak teri.”

“Abalabus! Gayane …. Iwak teri matane pating pecicil ngene kok, jare iwak wedhus.”

“Dipangan, nyoooh,” Kamdi ngadeg nuli tumuju meja, nyedhaki Dasih sing wis rampung anggone ladi mangan. Lageyane pindha paraga kethoprak yen gandrung kae.

Mangane Dasih telap-telep. Wis suwe dheweke disatru beras buket. Rasane kaya panganan swarga na’im, ngono gremenge ing batin. Enake mangane Dasih kuwi saliyane dhasare ngelih, ya merga ubarampene cap ratu. Sega aneng piring ngarepe, kira-kira kari telung pulukan. Mak nyut. Atine ngrasa ora kepenak. Nganti ceguken barang.

“Ewuh apa Mak sampeyan, Cak? Kok, ter-teran barang.”

“Apa wong tuwek ngirimi panganan anake, kudu ngenteni kajatan mantu? Aku sing rana maeng.”

Aso anggone mangan, Kamdi mangkat nuju amben. Lumah-lumah. Dene Dasih memburi, korah-korah. Karo ngenteni ngantuk, pikirane

kamdi mblayang ora karuwan. Ora kok jalaran rega sembako muluk kaya

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

67