Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
MBAKO
Pake Angga


Mbako yen dikramakake, sata. Dudu sembako sing ing pungkasane abad ka-20, ing jagad Nuswantara ndadekake pangontran-ontran. Lumengsere Mbah Harto, timbule pahlawan reformasi, njamure para panji karipan, kesempatane bala kruweg njarah rayah lan isih dawa maneh yen dijeber. Nganti keturunan Cina, tangisan Cina temenan.

“Nek kaya ngene ki”, Kamdi nebleki slepen ing ngarepe, mejane nganti horeg, “aku ki gampang buneg! Gak mangan, gak medang, gak pa-pa. Sing penting slepen iki! Aja ngantek kaya ngene ki.” Slepi—wadhah mbako semprol—sing wis rowak-rawek pinggire diathungake Dasih.

Dasih mung plirak-plirik karo mencap-mencep. Rambut sing kulinane digelung kruwel, dilukar. Tumuli dipocong lir buntut marmot.

“Piye Mas, iki. Biyen jare sampeyan trekenyeng-trekenyeng ambek aku merga modhel rambutku sing kaya ngene iki. Jajal saiki—ing jaman reformasi—kuncritanku, dhekike pipiku iki, gingsule untuku iki, mblalake mripatku iki, semoke bokongku iki. Apa maneh ya? Em … peseke irungku iki, apa wis kalah karo slepenmu sing kaya gombal kuwi. Sampeyan saiki abot slepen ketimbang aku. Mlebu-metu sing diuleg-uleg kok mung slepen wae. Bojone gak dijawil blas.”

“Ya, aja kaya ngono tah, Sih, awakmu iku,” guneme Kamdi sareh, “tuku rokok dadi, ya gak isa. Iku lho… mikirna barang-barang padha mundhak. Nek gak karo ngrokok ngono, prasaku kok kurang mak nyos, ngono.”

“Mikiena rega barang larang, kudune tambah ngirit se, Cak!”

“Apa rokok thing we ki gak ngirit?”

“Sampeyan kira …, mbako, cengkeh, papir, gak tuku, tah?”

“Lha wong jelas utang ngono kok,” mringis karo nyawatake esem sing rada wagu. Awit Kamdi eling, winginane dheweke wis diaba Koh Chin, supaya utange enggal dibayar yen pengin oleh utangan mbako maneh. Rada sepet rasane atine. Bejane kok dheweke sing ditembungi kaya ngono dening Koh Chin. Kok upama sisihane turunan Cina sing jare gagal

66

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010