Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dina kuwi dakkukuhi, aku emoh ngeterake. Dheweke nesu. Lunga klepat. Ben. Nesu, nesua! Cocog kandhane Marsam. Nanging awane dheweke nilpon.

“Wid, aku na kantin kampus. Papagen, ya. Engko mampir tuku fried chicken—ayam goreng—” swarane ngrerepa.

Dakpapag rada kasep. Ngamuk. Muring-muring. Nanging tetep mrentah mampir nyang McDonald. Metu nggawa hotdog, karo es krim, ulate sumeh. Nganti tekan ngomah lengene ora uwal saka rangkulanku. Lan mangan bareng ana ing kamarku, ngomong ngecipris nyritakake dhosene sing kaca matane kandel, diece-ece. Wah, repot ngladeni menyok siji iki. Ulate gampang owah kaya cuaca Kutha Melbourne, sedina bisa ana patang musim.

Nanging aja kuwatir, Jeng Arum. Kanthi ngukuhi premane Marsam, aku bakal bisa oncat saka sandhinge Ketty Ng Wong. Percoya-a. Sawise kerep daktampik pangrungunge kuwi, srawungku karo dheweke bisa luwih anggang. Malah nalika dheweke ngerepa supaya bayaran listrike disuda, marga dheweke ora mangsak nganggo listrik, aku kuwawa nampik. Aku kudu adil, ora oleh bot-sih marang kabeh para sing nyewa kamar. Sanajan ing negaraku tumindak adil kuwi isih angel dicakake, pilih-sih utawa pilih-pilih kanca dhewe wis dadi adat, nanging ing negara manca iki aku kudu bisa sinau tumindak adil lan ora pilih-sih. Taun ngarep, Ketty wis dudu menyok panggodha maneh tumrapku. Aku bakal mulih ing tanah air kanthi nggembol titelku.

Daktulis crita iki ing pamrih bisa kokwaos kahananku ing tanah manca. Kawaos kanthi terwaca. Marga yen mung liwat telepon, apa e-mail, suwasanane crita ora kaya yen kadhapuk ing crita cekak, Jeng Arum. Aku wis kangen banget karo sliramu. Karo Sabrina lan Diwangkara. Bocah-bocah rak padha munggah klas kanthi ranking ekan, ta?

Panyebar Semangat, No. 14, 1 April 2000

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

65