Menyang kontèn

Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ora etungan yen kepengin nyenengake dheweke. Dakterake kapan wae lan menyang ngendi wae nganggo mobil sewanku angger dheweke butuh, angger dheweke ngajak. Malah kerep aku sing tawa, sing ngajak.

“Kena apa kok meneng wae Cah Ayu?” pitakonku nalika lagi ana ing gedhung bioskop, petengan. Aku ngerti, dheweke seneng ngajak aku nonton bioskop, ora merga lakone apik. Film lawas banget sing pemaine saiki wis padha mati, ya gelem wae dheweke nonton. Sing nonton prasasat ora ana. Sing penting kene bisa ngomong kebak asih, ora kaganggu liyan. Ngekep lengenku, nempelake pipine ing pipiku karo omong bisik-bisik, ora ana candhetane. Ora ana sing disungkani.

“Wid, aku karo Rita ayu sapa?”

“Kok, omong ngono?”

“Pokoke aku takon, ayu sapa?”

“Ya ayu kowe, Sayang.”

“Ning, kowe tansah akrab ngono karo cah anyar kuwi. Gek kuwi wong Indonesia, bangsamu. Aku gak seneng karo Rita. Rambute rak njeprik-jepris akeh ketombene. Hih! Kowe sesuk aja omong-omong karo Rita maneh, ah!”

“Lo, lha kepriye? Wong aku saiki wis dipasrahi ngurus sewane omah kana dening Bu Yati. Rak ya kudu srawung karo para tenant. Ya sing lawas, ya sing anyar, aku kudu srawung grapyak, ora bisa pilih-pilih, ora kena pilih kasih.”

“Iya, nanging ya aja kerep-kerep ngomong karo Rita. Kaya aku iki, karo Detty, karo Marsam, omong mung yen perlu, ya isa.”

Tugas blajar S3 iki daklakoni kanthi tekad waja. Bea siswa kang daktampa cumpen, mung cukup tumrap aku dhewe, ora bisa nggawa kulawarga. Nanging tetep daklakoni saking adrengku kepengin ngangsu kawruh nambah ilmu, disengkuyung dening Jeng Arum, sisihanku.

“Ya prihatin, pisah teluh puluh sasi ora papa, Mas. Malah yen kurang sangu mengko didolke omah Bendul Merisi, wong nyatane kene wis manggon omah cedhak kampus anyar kene,” pangatage Jeng Arum ngububi lakuku. Mula aku kudu nggethu sinau, ing pamrih supaya bea siswa kuwi ora muspra, lan piguna tenan tumrapku, kulawargaku, lan bangsaku. Aku ora oleh lirwa saka ngrigenake wektu. Yen wayah awan aku ora bisa nyisihake wektuku marga nuruti srawung bebrayan ing negara manca, wayah bengi daklabuhi jam-jaman riset ijen ing lab. Nggethu. Konsentrasi.

Kriiing…, kriiing …, kriiiing…. Telepon nyasar mesthine. Bengibengi ing lab kok ana telepon. Merga rumangsa kebrebegen, dakangkat, daktampa.

“Wid, kepriye risetmu? Iki wis bengi, lo, Wid. Kowe isih suwe?” Swarane Ketty. Cumengkling, bening, renyah, ngalem ngasih-asih. Swara kang dakbutuhake keprungu ing lab sepi kang samun iki.

60

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010