“Patang puluh pitu,” wangsulane Parjiman sawise nonton cathetan. Ananto manggut-manggut. Sarmun mesam-mesem.
“Piye wujud lan aktivitase kumpul-kumpul iki mengko?” pitakone Bogang. Sarmun nyawang Ananto. Ananto nyawang Warno. Banjur nyawang sing padha lungguh kupeng.
“Kuwi mengko Mas Goto sing bakal njlentrehake, mangga, Mas Goto!” aloke Sarmun. Sugoto mlenggong, nanging mung sedhela.
“Wujud lan aktivitas iku gampang. Sing baku bisa ketemu saben wulan,” wuwuse miwiti.
“Nanging kudu ana sranane,” ana sing kumecap usul.
“Apa kira-kira?”
“Arisan!”
Sing lungguh kupeng manthuk-manthuk. Ana sing ngathungake jempolan. Ana sing bisik-bisik nang tanggane lungguh. Kabeh ngemu rasa sarujuk.
“Narike dhuwit apa barang?”
Krungu pitakon kuwi ora ana sing enggal bisa mangsuli. Sing siji nyawang sijine, banjur padha ndhingkluk meneng-menengan. Sing lungguh cedhak nglawang nglirik kanca karo tuding-tuding, karepe supaya melu-melu urun rembug. Sing ditudingi gedheg.
“Apa kaplingan? Apa mobil ngono lho!” bacute sing usul kawitan.
“Hahhh!” Swarane wong akeh, pating plenggong. Banjur pating pencereng nyawang sing usul sing dirasa nyleneh. Minangka srana mesthine ora kudu gedhen-gedhenan. Ora perlu oncor-oncoran. Banjur mlenceng saka ancas tujuwane arisan. Ora gawe rukun lan guyub, nanging malah gawe bubrah. Jroning batin ora padha sarujuk.
“Awake dhewe iki wong pensiunan Rek, aja mikir sing abot-abot!” ana sing nyoba golek dalan.
“Mesisan dirasakake. Bisa dicokot alot, disimpen primpen,” sing usul ngotot.
Sing lungguh kupeng bali pating pencereng. Ana sing mencep, ana sing gedheg-gedheg. Ana sing nggeget untu semu getem-getem. Jroning batin rumangsa cuwa, durung-durung wis kisruh. Udreg-udregan.
“Ngene,” cluluke Parno karo ngelusi janggut.
“Hami tabah” sing usul ngotot nyauti. Sing lungguh kupeng dadi kepingkel-pingkel.
“Srana kuwi ora kudu arisan!”
“Akh ….”
“Kosik ta. Sing baku wis padha sarujuk saben wulan kumpul-kumpul. Yen wis kumpul, urunan sakadhare. Blanja, diolah lan dipangan barengbareng, karo ngrungokake musik apa uyon-uyon. Mendah gayenge. Wong wis padha pensiunan, wis padha tuwa arep goleh apa maneh yen
56
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010