tau ketemu. Rupane kaya jrangkong. Lakune semper, tangan tengene keple. Omonge pelo. Bojone sambat jarene Bambang kena stroke.
Ngundhuh wohing pakarti. Sing nandur rawe mesthi awake gatelen, kojahe Sugono sing wiwit biyen pancen temuwa dhewe. Kabeh manthukmanthuk, lan bebarengan nyruput wedange. Sakbanjure semayan yen njupuk pensiun kudu tanggal sanga. Yen tanggale abang diundur candhake. Ing sapatemon pungkasan, Sarmun ada-ada, sakwulan sepisan kumpul-kumpul maneh.
Dina-dina ngadhepi pensiun, Sarmun rada miris. Kelingan nalika ngancani bapakne njupuk pensiun. Sarmun isih kelas loro SMA. Budhal jam nenem kanthi pangajab bisan antri ngarep dhewe. Nanging nyatane sing ngantri wis tekan njaba kantor. Ana sing nggloso ana emperan, ana sing sumendhe ngisor uwit. Jarene malah ana sing nginep barang. Jam wolu lokete bukak, nanging ora enggal ngladeni. Petugase isih maca koran. Sing liyane gojeg karo udud. Sing antri, sing nggloso, sing sumendhe grenengan. Nelangsa. Misuh-misuh. Setengah sepuluh wiwit ngladeni, polatane peteng. Sok ketrucut omonge sing manaske kuping. Motong dhuwit pensiun sakgelem-geleme. Wong pensiunan kaya-kaya ora ana ajine. Nanging sakwise nglakoni dhewe, rasane kosok balen banget. Gesehe wis adoh.
Njupuk pensiun bisa ing kantor-kantor tingkat kecamatan. Lokete ora mung siji. Ora perlu ngantri nganti sedina muput. Kejaba kuwi kancane saya tambah. Lan siji wae ora ana sing nguthik-uthik saka instansi ngendi sadurunge. Apa pangkat lan jabatane. Tumpakane apa. Sopire pira. Omahe pira. Saben wulan entuk cerepan saka ngendi wae. Malah sing sok keprungu anane swara-swara pasrah, pira-pira mangan-turu isih dibayar negara.
Sarmun ndengengek. Mesem. Mapag Ananto lan Parjiman sing bebarengana teka.
“Wis ana wong?” pitakone Ananto nalika salaman.
“Lagi kowe iki.”
Karo mapan lungguh, Ananto mbukak-bukak, ngiling-ilingi sapa wae sing wis dicathet. Ana sewelas. Parjiman dolanan sedhotana plastik.
“Yen patang puluh wae punjul, lho,” sepisan meneh Ananto kumecap.
“Akh….”
Lan Parjiman wurung kumecap jalaran krungu uluk salame Darmin sing ngerit wong lima. Banjur Bogang jumedhul karo wong papat. Sugoto nyangking wong nenem. Warno ora gelem kalah, runtung-runtung karo kanca wolu. Sarmun durung pati tepung karo wong-wong mau jalaran pancen ora nunggal instansi lan ora tau ketemu. Ada-ada ngajak kumpulkumpul iku pranyata akeh sing nyengkuyung sarana gethok tular.
“Pira?” pitakone Ananta.
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
55