Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ARISAN
Ismoe Rianto


Klasa papat dijeber ngubengi jogan. Gunting. Kertas. Balpen. Lepek. Kobokan. Sedhitan plastik dicawisake. Karepe Sarmun, kabeh kudu ditandangi bebarengan. Ora dhedhemitan sing bisa nuwuhake kasujanan, banjur dadi congkrah. Patang wulan kepungkur dheweke ketemu Darmin nalika bebarengan njupuk pensiun. Banjur ketemu Ananto sing isih panggah klimis senajan katone saya tuwa. Uga ketemu Bogang sing nganggo untu pasangan. Parno plonthosan, nanging brengose putih njlaprang, jenggote uga putih ngglawer tekan dhadha. Banjur Sugoto, banjur Parjiman. Loro-lorone rambute rada gimbal. Sok ngono isih katon bregas-bregas. Sandhang penganggone tumata. Resik. Kabeh nganggo sepatu. Lan sawise nampa dhuwit ora enggal bubar mulih dhewe-dhewe, nanging runtangruntung tumuju kantin.

Karo nyamuk-nyamuk kecapan. Clegak-cleguk ngombe, uga sedhalsedhul udud, omong lan guyune ora ana pedhote. Ngeling-eling jaman kepungkur. Gojlog-gojlogan. Banjur ngrasani Sudiono, Kepala Urusan Pegawe sing mesakat. Tukang ngorat-arit personil. Sing ora nyocogi atine disingkirake. Dibuwang menyang panggonan sing mencil, adoh rejekine. Sing bisa asok glondhong pengareng-areng, nuwun inggih sendika dalem, bageyane kepenak. Kursine empuk. Keceh dhuwit.

Sarmun, Darmin, Ananto, uga Parjiman barang, maune nunggal kantor lan nunggal bagean. Ananto kumawani nakokake timbangane beras jatah sing ajeg kurang. Parjiman nakokake jluntrunge dhuwit koprasi sing pendhak taun bubrah, banjur bamban maneh. Motongi dhuwit maneh. Sarmun nulak nalika dijaluki urunan kanggo ngurusi undhak-undhakan Pokok Gaji. Wong pitu banjur diorat-arit menyang panggonan sing bedabeda. Watara limang taun sawise padha pensiun lagi ketemu maneh. Bogang crita, jarene Sudiono saiki dadi kembang amben. Lara taunan ora bisa mingket saka peturon.

Banjur genti ngrasani Bambang. Rada anggak jalaran ketengen. Seneng wadul, tukang metani lupute kanca. Keminter. Senenge crita jarene isih mambu wong gedhe, mula tansah digatekake Kepala kantor, Darmin

54

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010