wengi iku dudu tanggapan lumrah, nanging ruwatan. Tegese, sawijine upacara ritual sing wigati mula kudune rancag kalis rubeda nganti tancep kayon.
Hm, mau mula … saka wiwitan jane aku wis kurang sreg karo pakeliran iki. Jalarane ya mung siji, yaiku prekara titi wancine. Umume ruwatan iku rak wayah rina, lha kok Pak Pujorogo nyuwun wengi. Kamangka aku ya wis ngandhakake bab iku.
“Mpun ta, Ki, ruwatan rak mung upacara formalitas,” alesane nalika iku, “kajeng kula, ringgitane mesisan dados tontonan ngaten. Nek siyang rak mboten umum dados tingalan.”
“Wah, nuwun sewu, Pak. Tontonan niku rak dhapur angka kalih, bakune ruwatan niku rak tuntunan ngarah prana rahayune ngagesang si sukerta dalah keluwargane,” kandhaku ngelingake.
“Walah, Ki, tiyang ningali pakeliran kula kinten umume nggih betah tontonane. Mosok tlatena mendhet tuntunane … ngrekasa, Ki, tiyang njlimete eram!”
Aku trima ngalah. Wong sing nanggap luwih wenang tinimbang dhalang sing ditanggap, utamane tumrap rong prakara, utamane lakon lan wektu pagelarane.
Swarane penonton wiwit umek. Kringetku wiwit mrembes. Tanganku sing isih nyekele cempurite Bethara Narada sing siyaga mejang mau wiwit grinnggingen lan gemeter, wusana nggreweni niba sandhuwure gedebog.
“Ki, dibacutake mawon dospundi?” swarane cantrik mbisiki.
“Peteng kaya ngene iki?” penyautku karo ngusapi kringet ing bathuk. Aku ora weruh kepriye praupane cantrikku sing mesthine ya bingung.
“Nggih malah kleresan, Ki,” aloke ora mlebu pangiraku, “petengan niki kita reka kados pancen mpun kepetung ing rancangan pakeliran. Anggit kula, rak nggih trep sanget ta Narada ingkang wicaksana paring wejangan nalika kawontenan tanpa cahya ngaten!”
“Kok elok tenan gagasanmu iku, nanging kok abot cak-cakane. Tata swarane sing ora nyucuk. Pikiren, Narada ngendika bab kabecikan lan kaluhuran, tanpa pengeras suara, apa bakal kaprungu ing kahanan swaraswara wor suh ngene?”
Operator dhisel wis mbudidaya nguripake mesin iku, nanging karewelane sajak rada nemen. Lampu murub sadhela banjur mati maneh. Ngono iku bola-bali, malah pungkasan rada suwe matine.
Penonton mburi kelir malih pating brengok, kagelan, ngece.
“Dhisel rongsokan! Lampu rombengan! Wurung-wurung …, ruwatan wurung!” pambengoke sesautan.
Ana sing kurang ajar nggepuk lan mbalangi kelir. Malah ana sing ngogak-ogak sakane kelir barang. Remeng-remeng aku weruh wayangwayang sing simpingan tengen padha miring lan siji loro ceblok kaya kasoran perang.
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
49