Nyitno Munajat
Dinayan watek murkane, saparipolahe Bethara Kala ngurik-urik
katentremaning panguripan ing samodra, kang rama giris nyumurupi
tumindaking sang putra, mula sigra animbali sowan kahyangan.
“Kala, putraningsun, jatining samodra ibunira ya papan mijilira, mula nora prayoga yen ta sira gawe rusake. Wiwit wanci iki sawernaning titahing samodra dadi sirikanira.”
Keprungu dhawuhe Bethara Guru iku Si Kala gidro gereng-gereng banjur muwus kanthi netra kumilat ngalad-alad.
“Ghhhr… ingsun iki raseksa, Rama, kadunungan wenang memangsa! Lamun nora wenang memadhang ing samodra mula wus pinesthi salumahing bantala dadi lelirune mangsaku … ghhhr!”
“Hiya, atmaningsun, ala werna diyu wadhagira bebasane, wondene Bethara dadi aran lan drajadira. Mula aturira ya nunggal teges kadya Sabda Pinesthi Hyang Geneng kang kalis munggweng wurung. Nanging kawruhana, Ngger, kabeh kang gumelar ing madyapada sarwa lumaku winatesan dening paugeran lan pranatan, kalebu bakal memangsanira.”
Bethara Guru banjur mratelakake sapa wae manungsa sing bisa dadi mangsane, yaiku kabeh kang kepetung ingaranan sukerta kang during rinuwat,.
Pratelane Bethara Guru dadi cingake Bethara Narada. Merga yen dipiji cacahe manungsa sukerta mono ora kurang saka suwidakan. Pira manungsa sing bisa luwar saka pangincime Bethara Kala? Merga meh sebarang ayahane ngaurip gampang njlomprongake manungsa nyenggol jalaran sukertane, embuh krana garising urip embuh saka ilang prayitnane.
Pangudarasane Sang Narada ndudut rasa wajibe mejang Bethara Kala bab Kawruh Sejatining Ngaurip sing kudu diugemi, ing pangayun pranatane bebrayan gung tansah jinaga jejege.
Bethara Kala wus siyaga midhanget sabdane. Ananging dewa sing pasuryane pijer tumenga ngawiyat iku pijer nyebut jeneng “Kulup Kala Putraning Bathara …” lampu-lampu sing maune dadi pepadhange wengi mati dadakan. Mesthi wae aku kecipuhan. Klabakan. Merga pakeliran
48
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010