Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Lingtang, matura nang Gusti. Aku butuh pakabaran wengi iki! Apa sesuk isih ana srengenge muntup ing wetan kana?”

Krik, krik, krikkk…!

Eh, nyatane swara jangkrik sing semaur ing kuburan kuwi. Tumaruntun nggebyah solah mbedhah tintrime wengi. Wong-wong sing padha ngaji Yasinan wis ora keprungu maneh. Langgar cilik kuwi wis sepi saka puja-puji. Pandom jam wis nuduhake angka loro. Jago kluruk wiwit nyigar aclume wengi. Sing turu isih nglepus padha andom playon karo donyaning impen. Mlarah munggah menyang langit sap telu nemoni malaikat sing njaga lawang Tahlili. Sing wiwit mbiyen mula ing alam sonya wis padha sujud nganti tekan dinane iki.

Slup! Kongsi tekane cahya cumlorot. Sulak rupa kemuning semu jingga. Lap netrane maspadakake.

Ilange cahya kesaput pajar. Modin Juma ngalukake tarkim. Nggugah sing padha angler turu. Ngongkon padha sembahyang jamaah.

“Gusti, dalem nyuwun sepura!” Lambene Watoni ndremimil. Kringet nggobyos nelesi bathuke.

Watoni ngucek-ucek netrane. Kelom-kelom kehebatan pikir. Ngluntrung mudhun saka dhipan. Mlaku njujug menyang jedhing arep nyawuk wudlu.

Mbarenge anggunge adzan, pawongan sing lungguh sila ngisore wit nangka kuwi ngadeg nyat ninggalake papan kono. Terus lunga nuju papan liya, karo ora lali nyangking tustele sing pancen dadi sobat kenthele digawa ngalor-ngidul kulak warta.

Mudhun Subuh, Watoni banjur nggeblas njujug menyang kuburan pundhen mburi omahe. Lemah nggumuk kuwi kaya mentas kasiram banyu. Wangi ambune. Pathokan sisih lor ana kalungan kembang mawar abang saronce nalen mubeng. Iki mesthi pokal gawene wartawan kuwi.

Saka impene mau bengi, dheweke kaya ditekani pawongan tuwa jenggote ketel. Mlaku mbungkuk-mbungkuk nggawa teken kaya terus didudul-dudulake menyang irunge Watoni, karo cluluk seru.

“Le! Papan nama sing kok pasang neng ndalan kae ndang jabuten. Wis cukup semene wae nggonmu reka-reka golek rejeki!”

Ora nganti ngenteni njedhule srengenge, Watoni wis ngongkek-ongkek cagak pring kuwi. Saben ana sing liwat takon, dheweke mung mingkem mbisu ora menehi wangsulan.

Srettt. Srettt. Brulll!

Cagak sing wiwit dirambati rayap kuwi jebol. Lan bakal nyisakake legendha crita rakyat sing wis direka-reka dening penulis kaloka saka majalah sing terbit ana Surabaya. Kanthi irah-irahan “Jebole Benteng Kadipaten Pasuruhan”.


***

Panyebar Semangat, No. 12, 18 Maret 2000

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

47