ora kepenak, pating krekes. Mula aku pilih mulih wae. Kadhangkala prei ya oleh, ora perlu lapur atasan, wong pancen dudu pegawe.
Lagi wae mblusuk gang sing tumuju nyang ngomahku, lha kok sepedha montorku macet. Trembelane! Kepeksa pit montorku taktuntun alonalon jalaran dalan gang wis akeh sing rusak. Rada ewuh, nuntun pit karo krukuban mantel.
Pit montor taklebokake emper ngiringan omah. Sepi banget. Mesthine bojoku enak-enak turu karo ngeloni si Thole, wong dina iki ngepasi ora menehi les. Nanging nalika tanganku mbukak grendhel lawang ngarep kok kancingan. Njur bojoku lunga menyang ngendi. Apa menyang nggone mbahe Karangdawa? Ah, ora! Selawase yen arep lunga bojoku mesthi pamit. Apa menyang nggone Bu Wadi, tangga sebelah? Nanging mesthine ya ora. Mongsok udan-udan ngene perlu nangga.
Lawang dakdhodhogi bola-bali. Ora ana wangsulan. Klithih-klithih aku mlaku menyang mburi, menyang pawon. Ya mung nuruti naluri wae. Ndilalah ora kancingan. Aku mlebu. Bojoku mesthi keturon, batinku. Aku mbukak lawang kamar. Ora kancingan. Aku mlebu.
Jebul bojoku ora turu. Nanging kaya tangi turu.
“Lha endi Thole?”
“Dijak Wiwin mau, nyang kos-kosane. Jare kanca-kancane padha takon, kangen,” ujare bojoku semu wedi.
Aku percaya wae. Wiwin mono adhine bojoku sing wuragil. Isih kuliah ing ASMI.
Aku enggal copot klambi. Salin. Nyawang cendhela. Udan isih riwisriwis.
“Lha kok ora mboktutup jendhelane ta, Ning, udan ngene?”
“Nggg …. Anu …. Lha mau sumuk banget.”
Bojoku metu saka kamar. Aku ngerti, mesthi arep nggawekake wedang. Awak dakselehake ing dhipan. Isih krasa krekes-krekes. Aku lagi mbatin ngakon bojoku ngeriki nalika dumadakan aku nyawang rokok sabungkus ing gang-gangan antarane bantal. Dakjupuk. Lagi kalong rong ler. Rokoke sapa? Aku dhewe wis suwe pegatan karo rokok nadyan panggautanku dodolan rokok. Apa bojoku saiki ngrokok?
Ah, ora! Aku ora nate weruh dheweke ngrokok. Nyoba-nyoba wae ora. Ndeleng mereke genah iki rokok filter sing larang regane. Mripatku langsir menyang meja riase bojoku. Lha kok ana asbake (aku eling asbak kuwi asbak ing ruwang tamu), lan tegesan loro. Wis diceceg. Kayane nyecege durung suwe. Dakcekel pucuke, isih panas.
Bojoku mlebu. Langsung daktakoni.
“Sing ngrokok iki mau sapa, Ning?”
“Sapa? Ora ana sing ngrokok ki?”
“Lha iki ana tegesane ki?”
Bojoku nampani asbak sing dakwenehake. Ngiling-ilingi.
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
43