Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

mbalekake dhuwit sing dinggo pawitan dodol biyen. Nanging nyonyahku kandha ora usah.

“Wis lunas, kok,” ujare.

Sepisan maneh aku ora ngurus, bentuk lunase kuwi kepriye. Apa disaur nganggo honor les sarana nyicil, apa kepriye, aku ora takon.

Bareng katon laris, aku njur bukak tekan wengi. Yen biyen mung tekan jam wolu banjur dakundur tekan jam sewelas, sok-sok nganti jam rolas barang. Nyatane isih ana wae sing tuku. Bojoku ora kabotan. Malah katone seneng. Jer asile saya kena disawang. Mas-masan penganggone jangkep pakeyane katon modern. Lan rumangsaku, bojoku kok malah tambah ayu lan tambah enom (sing ngelem sapa yen ora bojone dhewe).

Cekake aku wis bisa nampa pegaweyan dodolan rokok iki. Aku wis ora ngeling-eling maneh kapan ana panggilan saka perusahaanku. Saupama ana panggilan kanthi gaji kaya kang sing uwis, aku genah pilih pakaryan sing saiki.

Lan ya tenan. Ing sawijining sore, Bakri, kancaku mergawe dhek emben mara ing kiosku, ngabari yen perusahaan wis bisa mlaku maneh. Prioritas diwenehake marang pegawe sing ‘dirumahkan’, kalebu aku.

“Piye, Mas? Ora kerja maneh?” tawane kanthi praupan binger. Rumangsane aweh kabar gembira. Pancen ya kabar gembira. Sapa ta sing ora seneng entuk panggilan kerja.

“Piye ya, Kri. Jane aku ya kepengin mbalik kerja maneh. Nanging piye, aku kok rumangsa eman yen kudu nutup kiosku.”

“Ya ben ditunggoni bojomu wae, ta.”

“Bojoku kon urip neng ndalan saben bengi?”

“Ya nganti sore wae, yen bengi tutup.”

“Lha wong larise ki malah yen wengi jare.”

“Lha piye? Mosok arep mbok tolak.”

Aku thenger-thenger sedhela mikir. Tepate ngetung. Pira asile kerja yen katandhingake karo dodolan iki. Ah, kalah adoh ….

“Ya wislah, Kri. Kowe wae baliya kerja. Aku pilih nunggoni kios iki wae,” sumaurku manteb. Bakri ninggalake kiosku sajak cuwa. Aku ngerti. Nanging aku wis manteb karo pilihanku. Karo maneh idhep-idhep menehi kesempatan kanggo wong liya. Idhep-idhep ngamal.

Wiwit sore langit wis katon mendhung nggameng. Februari pungkasan, sing kudune udane wis suda kok ya padha wae karo wulan Desember utawa Januari. Sedhela-sedhela banyu tumiba kaya bocah cilik anyang-anyangen.

Aku agahan tata-tata plastik kanggo nutupi kios. Nanging nyatane isih tetep cepet tekane udan. Lan ora dakduga udan sore iki luwih deres tinimbang biasane (rumangsaku). Ora ana cara liya kanggo nylametake kios kejaba ditutup krekeb. Kebeneran wektu kuwi awakku rasane rada

42

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010