Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ROKOK
Daniel Tito


Biyen aku isih bisa ngeyel nalika nyonyahku protes bab rokok. Ngrokok kuwi padha karo ngobong dhuwit, ujare karo pecuca-pecucu.

“Coba, sampeyan pikir, sedina sampeyan entek sebungkus. Sesasi telung puluh bungkus. Ateges, setaun entek telung atus sewidak bungkus. Yen sabungkus digawe rega rong ewu rupiah ngono wae, wis pirang atus ewu dhuwit sing kobong. Kamangka wiwit awake dhewe kawin pitung taun kapungkur sampeyan wis nglecis ngono. Dadi wis pirang yuta dhuwit sing kobong?”

“Ora ana!” wangsulanku nalika kuwi.

“Ora ana piye?”

“Ora ana dhuwit sing kobong. Jalaran aku pancen ora nate ngobong dhuwit. Sejene eman-eman uga wediyen konangan polisi. Kowe rak ya ngerti ta, yen ngobong dhuwit mono kalebu larangane negara. He …, he …, he ….”

Kuwi biyen. Nalika aku isih cekel gawe. Saiki, sawise aku kena rasionalisasi alias PHK saka perusahaanku rong sasi kepungkur, aku ora wani guyon klejingan ngono kuwi maneh. Anane mung nurut. Elingeling saiki sing dadi saka gurune ekonomi keluwarga nyonyahku, sarana menehi les privat menyang anak-anake wong sugih. Ala-ala nyonyahku rak potholan IKIP.

Mula nalika nyonyahku ngajak jagongan maneh bab rokok sing kanggo ping semenene iki mau, aku mung manthuk, nglegani. Malah rokok sing dakudud oleh separo agahan dakceceg ing asbak. Nyonyahku enggal nyegah, “Ora usah dipateni. Eman-eman isih separo. Isih satus repis kuwi.” (Aneh! Sawise aku nganggur malah dijatah rokok).

Tanganku batal mbuwang tegesan. Malah tegesan sing pucuke wis pethat-pethot daksumet maneh.

“Aku mung kepengin ngandhakake berita ing koran iki,” ujare karo mbiyaki lembar koran. Awan mau aku meling supaya ditukokake koran eceran (aku wis ora kuwat abunemen maneh).

40

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010