“Ora apa-apa. Mengko dilap nganggo banyu rak wis resik maneh.”
Subur bali maneh katut kabur klambrange pikiran. Ah, Paing kae, biyen, sanajan putrane Lurah, utege dhedhel. Saiki bareng wis gedhe dadi wong bregas. Nyambut gawene ana ing bank pemerintah, tumpakane sedhan. Kelingan nasibe Paing, dheweke dadi kelingan bekas muridmurid liyane sing padha dadi ‘wong’. Ana sing dadi lurah, pegawe negeri, ning bisa tuku mobil, dadi pegawe BUMN, lan isish akeh maneh.
Bareng pikirane diumbar saya dhuwur lan adoh, dheweke kemutan kanca-kancane guru, sing saiki wis ana sing dadi Kakancam, Kadhinas, Pengawas, lan Kasie ing Kabupaten. Dene sing dadi Kepala Sekolah wis puluhan.
Sauntara iku, dheweke panggah isih tetep dadi guru kanthi tumpakan sepedha wungkuk, lan sragam PSH kucel kaya kolohan kirik. Dheweke ngrasa kaya wis ora duwe barang pengaji, hiya regane, apa maneh bandhane.
Ora duwe barang pengaji? Ah, ora. Aku isih duwe barang siji sing banget pengaji saengga ora ana wong sing kasil nggadhe apa maneh nuku, kandhane jroning batin—cadhas, wijang, lan tegas—. Barang iku ora liya… ati!
Jaya Baya, No. 28, Thn. LIV, 12 Maret 2000
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
39