Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sing dadi ‘wong’, atine banget syukur awit anak-anake ora ana sing tumindak menceng saka paugeran agama, kepara malah gondhelan kenceng karo angger-anggering agama.

Pensiun? Hihihi…, batine kekel. Kelingan pensiun, dheweke mbayangake wong tuwa klonthang-klanthung sinambi angon srengenge lan saben dina ingak-inguk penanggalan sing cumanthel ana ing gedheg.

Apa dheweke arep kaya ngono? Sepisan maneh batine kekel. Wongwong sing ngisi wektu pensiune mung kanthi angon wektu. Iku padha bae karo wong urip ning wis mati separo. Huh, dheweke ora sudi. Mula senajan olehe pensiun isih patang taun, dheweke wis gawe rancangan. Mengko, yen titi wanci iku teka, dheweke arep dadi guru ngaji lan mulang bocah-bocah cilik anake tangga-tanggane. Bocah-bocah sing isih lugu lan durung ngerti abang ijone urip, arep diwulang sholat, diwulang dongane nyuwun keslametan donya akherat, dongane wong arep lan tangi turu, donga kareben dadi wong jujur, donga kanggo nyuwargakake wong tuwa, donga kanggo ….

Crat crat crat crat! Ana sedhan nglancangi tanpa ngurangi cepete. Subur wis meh misuh. Nanging bareng wis kulina ketanggor, batine banjur mupus. Lha piye maneh, jer mangsa udan. Apa maneh dalan iku duweke wong akeh.

Nanging bareng sedhan iku malah mandheg ing ngarepe olehe nyepedha, atine dadi ketar-ketir. Gek are papa?

Sadurunge pikirane nemokakae wangsulan, wong ing njero sedhan metu. Priyayine gedhe dhuwur, gagah pideksa. Jroning panyawang rada singunen merga mripat tuwa, wong bregas iku ngajak mesem.

“Pak Subur, adhuh …, nyuwun pangapunten, Pak,” kandhane karo nyalami.

Subur nampani kanthi kebak pitakonan.

“Pak Subur kesupen dhateng kula?”

“Sinten nggih?”

“Kula rak Paing, Pak.”

“Paing? Paing sinten?”

“Muridipun Pak Subur ten es-de riyen.”

“Ya Allaaaah …, Paing, Paing. Bocah kok olehe gawe kaget wong tuwa,” tangane Subur ngelus-elus lengene bekas muride.

Sawise takon-takonan sawetara, Subur munggel guneme.

“Wis, ya. Iki wis awan. Mengko ndhak dadi pangarep-arepe bocabocah.”

“Mangga, mangga, mangga, Pak Guru. Ning nyuwun pangapunten nggih, Pak. Mergi kula kirang ngatos-atos, agemanipun Bapak dados kotor.”


38

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010