ora ngerti menawa atine menungsa mono kebuntel daging. Sapa ngerti njerone mau ora padha karo kang diucapake. Lan sapa ngerti bareng wis adu-arep, weruh kahananmu kang sanyatane, dheweke bajur salin salaga, tundhone malah kepara ngedohi kowe. Menawa kedadeyan ngono tenan, apa kowe ora padha diblejedi?”
Krungu swara batine kang kaya mengkono mau, dadakan dhadhane kaya seseg. Pikiran dadi mobat-mabit ngalor-ngidul ora karu-karuwan rasane. Pancen nalika dheweke wis ana ngarepe, sikepe dheweke kang kebak suba-sita mau, njalari dadi rumangsa rikuh dhewe. Kang sedyane patemon mau arep digawe gayeng, bisa rembugan kanthi rumaket, malah ambyar sanalika. Tundhone ora kaya adhep-adhepan karo mitrane, kepara kaya adhep-adhepan karo priyagung kang kinurmat.
Swara iku ngithik-ithik maneh…. “Mangmula, kowe dhewe durungdurung wis nibakna rembug, wis prasetya menawa dheweke kuwi sedulur sinarawedi. Kowe rak wis gawe ancang-acang, arep ngesok apa kang ana njero dhadhamu. Malah kowe wis duwe karep, arep crita akeh-akeh bab apa bae kang koktindakake, kang ana gandhenge karo basa lan budya Jawa. Malah kowe wis siap pamer dhokumentasi nalika kowe pinuju nindakake pakaryan adicara kang ngenani basal an budaya Jawa. Kabeh potretmu arep mbokpamerake marang dheweke.”
“Kowe uga arep pamer menawa kowe pinter nembang, pinter karawitan. Kowe wis nyiapake Sekar Sinom Jabung Jawa Timuran, arep mboktembangake ana ngarepe. Kowe arep pamer swaramu, iku kabeh merga saka nggonmu wis mangerteni menawa dheweke mau pancen tunggal banyu karo kowe. Yaiku padha dene seneng nguri-uri basa lan budaya Jawa. Nanging nyatane kowe saiki kaya kena aji-aji kemayan, nglimprek tanpa daya. Bisamu omong mung siji loro, malah sak muni-munine bae.”
Tujune swara batine kang gawe goreh iku terus meneng. Nanging menawa dipikir tenan, pancen ya sanyatane. Geneya kabeh kang wis diancang-ancang tharik-tharik, ora beda kaya wong kakehan mangan babal, banjur mampet. Olehe nggantha-nggantha, menawa wis sapatemon karo dheweke, kang wis munjung-munjung ora kamot, kabeh, kabeh ora ana kang kacicir, bakal dibeber ana ngarepe. Nanging kabeh mau badhar sanalika, lambene blangkemen. Mangka biasane menawa ketekan mitra karuhe sapa bae, lambene mesthi ngawir, ora leren-leren critane.
Tekan kono swara iku gumuruh maneh …. “Marga kowe ora bisa nyuntak kabeh kang mbokancang-angcang mau, bareng dheweke kesusu bali, atimu banjur goreh. Nggonmu goreh atimu mau, rak merga ana rasa, kang rasa mau mung kowe dhewe kang ngerti. Apa meneh bareng dheweke kesusu bali, kowe ngira menawa dheweke ora kelegan atine. Utawa merga sikepe kang kebak unggah-ungguh, sarta ngugemi subasita mau, rak ora mangkono ta?”
34
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010