sinarawedi tumrapmu. Kang aneh maneh, nalika dheweke ngabari menawa arep teka ing omahmu, polahmu ora beda kaya bocah cilik weruh simboke mulih saka pasar nggawa oleh-oleh jajan pasar, jingkrak-jingkrak mbungahi. Kang tansaya nggumunake maneh, persis bakul sate kelangan ilir, mbingungi. Kowe banjur mikir, kepengin sugih kang miturut pangiramu mesthi cocog kanggo dheweke. Kok seje menawa kowe ketekan mitramu liyane, senajan kowe suguh ya apa kono, sauger wis suguh wis beres. Nanging marang dheweke, sajak kowe migatekake banget, kayakaya dheweke kuwi mitra kang istimewa kanggomu. Aneh, aneh, pancen kowe kuwi.”
Tujune swara kang terus dumeling mau leren karepe dhewe. Pikirane banjur ditata, wusana banjur nggagas maneh…. Pancen diakoni, sanajan mentas bae tepung, dheweke dianggep ora kaya tepungane liyane. Nanging luwih saka iku, dianggep tansah tumemplek ing pojoking atine. Dheweke bakal bisa diajak ngedum rasa, ngudhar uneg-uneg. Pokoke bakal diajak bawarasa kang magepokan karo basa lan budaya Jawa. Kang basa lan budaya Jawa mau ing mangsa kang sarwa canggih kaya saiki, wis ora beda kaya ublik meh kentekan lenga, mbleret. Tepung dheweke rumangsane kaya wong kelangan jamrut kang larang regane, banjur ora kanyana bisa ditemokake, sapa ora mbungahi?
Tekan kono swara batine kang tansah ngisruh pikirane kuwi keprungu maneh. Pikirane banjur ora karuwan rasane, nanging meksa dirasa…. “Pikiren kang wening, aja grusa-grusu ngakoni menawa dheweke kuwi bisa dadi mitramu kang kena mbokjak bawarasa, ngudhar uneg-uneg kang ana gandheng cenenge karo basa lan budaya Jawa. Sapa ngerti apa kang nate diomongake marang kowe mau mung kanggo njajagi pribadimu.”
Merga ora setuju marang apa kang dirungu saka batine iku, banjur mbanggel …. “Ya, aku pancen wis kadhung kebacut mutusake menawa dheweke dakanggep mitra satuhu, kepara ora beda kaya sedulur sinarawedi. Mosok iya, pawongan kaya dheweke nduweni watak kang seje njaba, seje njerone ati. Aku malah percaya menawa dheweke kuwi luhur bebudene.”
Teka kono anggone adu rembug karo batine dhewe, swara batine mau terus meneng karepe dhewe. Wusana banjur nerusake nggone nglalar pikir. Ora ngerti, embuh ora ngerti, geneya tepungan kang sakawit mung kanggo kanca ngisi wektu lodhang, banjur kaya ngono dadine. Nganti ora dipikir jero, tepungane mau dianggep minangka mitra kang luwih sakabehane tinimbang tepungan kang sapirang-pirang mau.
Swara batine wiwit nggodha maneh, malah saya nandhes. “Pikiren kang jero, aja kesusu ngesok prasetyamu, menawa dhewke mbokanggep dudu mitra biasa, nanging mbokanggep sedulur sinarawedi. Kowe apa
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
33