Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Keplok rame saka hadhirin, keprungu rikala Pak Parto Waloya wantiwanti supaya ing saben pertemuan anggota kudu ngejak hadhir kulawargane kabeh, sing durung krama ya kudu nggawa tunangane, sing durung duwe pacar kudu nggawa ibune, yen teka ijen dikon bali wae, ora sah teka pisan.

Bulik Camat sing rikala kuwi rawuh ijen rada kedher atine. Sri weruh merga lungguhe jejer Sri, gayane nggawa popoke Lindhu karo mimikbotole kaya-kaya sing mbahe putri tenan wae. Apa maneh rikala ana sing takon, “Kenapa kok harus begitu, Pak?”

Pak Parto Waloya njawab, “Kanggo ngendhani kasujanan lan kapitunane liyan. Sing baku kanggo ngrembakane keluwarga CV kita….” Keplok rame bali keprungu maneh, malah luwih seru.

Kamangka Bulik Camat wektu kuwi rawuh ijen, mula polatane ketara ketranyak, rada gugup. Lindhu Aji Wasis meneng-meneng dijaluk saka pangkone Sri, “Kene, Ndhuk, dakpondhonge metu, neng kene sumuk, panas, mesakake anakmu, gek kana ibumu rewangana nyepakake prasmanan!”

Sri mung plenggang-plenggong banjur, “Inggih, Bulik,” terus mak nyat marani ibune. Neng ruwang tengah ibune Sri sajak wis rena penggalihe, wis padhang ulate.

Kabeh wis padha dhahar ngethapyah sinambi nyatur pintere sing masak. Bu Hasan, sing bojone wakil dhirektur kuwi nyedhaki ibune Sri karo takon, “Lha teng pundi Ibu Blitar wau Bu Parta?”

Sing ditakoni nuding menjaba karo mlerok nyauri, “Lha niku momong putune ….” Sri nyikut ibune alon kareben uwis olehe serik.

Bu Hasan njawil Sri pisan supaya jelas pisan masalah kulawarga kuwi karo kandha, “Pancen leres Bapak, Jeng Sri, kersane kapok. Kersane sami kraos, mboten wonten tiyang ngidu kok abang yen boten nginang, enggih ta?”

Sri lan ibune mung mesem karo manthuk, jero banget.

Jaya Baya, No. 23, 6 Februari 2000


Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

31