Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/420

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis divalidasi

mengarep. Lha, rak tenan! Sing liwat bocah wadon dhek anu kae. Bongcengan telu. Sing nyetir cah lanang rambute brintik pawakan ceking, sing dak konangi sepisanan kae. Wedoke neng tengah. Dene lanang sijine, bocah liya maneh. Sing dijujug omah E/13! Kaya sing uwis-uwis, sawise njagag montore neng teras, nuli mbukak lawang. Bocah telu lanang loro wadon siji mlebu ngomah!

Atiku notol pengin nyandhet bocah-bocah kasebut aja nganti tumindak maksiyat. Ning yen ijen rasane ora kepenak. Yen ana mbadakalane, salah-salah dianggo bancakan. Rak kojur! Arep ngajak warga perumahan liyane, yen awan ngene iki padha mergawe. Priye ya? Nyut, kelingan. Perumahan kene rak ora sepira adoh karo Kantor Desa. Ya gene ora lapur perangkat wae? Kanthi pepunton iku, aku gage nyandhak HP, ngu-bungi telkom njaluk nomer telpune kantor desa kene. Sedhela wis sam-bung. Aku nglapurake apa sing dak weruhi. Lapuranku direspon becik, lan disaguhi enggal ngirim petugas.

Seprapat jam candhake, petugas sing dikirim teka. Wong loro sragam dril. Embuh jabatane. Kamituwa apa Carik, apa malah Kadhese dhewe.

“Pundi griya sing sampeyan lapurake wau?” pitakone salah sijine sing rada tuwa. Aku nuding omah E/13. Ora katalumpen, perangkat desa iku gegancangan tumuju omah E/13. Aku ngetutburi.

Tekan ngarep omah mandheg sedhela, sajak neling-nelingake. Aku ya melu neling-nelingake. Lamat-lamat keprungu swara sing nyujanani. Wusana tanpa ndadak aba kula nuwun utawa nothok lawang, prangkat desa loro mau ndhobrak lawang. Mesthi wae lawang sing mung saka triplek iku jebol. Astaghfirullahal ‘adzim ..., apa sing katon? Bener pethekku, cah telu lagi padha pista miras! Lan ndeleng sandhangane bocahe wadon awut-awutan, cetha ora mung pista miras thok! Mesthi pista liyane!

Bocah telu diglandhang menyang kantor desa tanpa swala. Aku ora melu, dadi ora ngerti priye proses sabanjure. Mung sesuke entuk kabar, jare sawise ditarap menyangkantor desa, langsung dikirim menyang kan-tor pulisi. Lakon bacute kepriye, aku ora ngerti. Mung merga kadadeyan kasebut, aku usul marang Pak RT. Usulku, supaya warga perumahan kene ngangkat Satpam, sing tugase njaga regol. Sahenggo ora sadhengah uwong bisa blunas-blunus, mlebu-metu saenake dhewe. Kanthi mangkono tu-mindak maksiyat (kaya sing wis kadhung klakon) bisa dicegah.*

Djaka Lodang, No. 04, 26 Juni 2010

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

406