Sawise Sri ngaturi ibune unjukan, krungu swarane wasis mbagekake mara tuwane lanang, “Biyuh, angsal berkatan king pundi niku, Pak?”
Banjur sinusul swrane bapakne, “Saka Anwar, kidul kana kae lho, kirim donga sesuk arep nekakne buwuhan, nyunatke anake sing ontanganting karo ngruwat sisan yake, wong nanggap wayang barang ki?” karo kresak-kresek mbukaki tas kresek sing mbuntel wakul isi berkat kuwi.
“Lha endi Sri mau, jak nanjak berkat kene rak enak ta?” bapake Sri ketara nakokake dheweke merga tekane mau pas bapake berangkat kendhuren. Wasis sing ditakoni bab Sri nyauri klesak-klesik.
Sri ngaturi ibune supaya sare wae, murih tenang, gek Sri wae sing metu melu nanjak berkat.
“Ayo kene mangan barengan kene, lha ibumu endi?”
Sri matur bapake menawa ibune rada ngelu, nanging bapake ora percaya, “Ngelu apa ta. Ora, wong mau ora apa-apa kok! Coba nek aku sing ngejak ya?” Sri monga-mangu nanging banjur mborong kersa merga kawigatene wis ngalih marang pupune pitik sing gemol dibumbu abang kuwi. Wasis ngerti yen bojone sakploke nyidham kae senenge mangan pancen ora mekakat, ngebo! Mula pupune pitik mau langsung diulungake marang bojone.
Lagi sedhiluk bapake Sri mlebu kamare ibu kok wis metu maneh karo rada kisinan. “Wong ibumu ora kersa kok, aku ya wegah. Wis kana panganen wong loro kono!”
Tanpa ditakoki bapake Sri kandha dhewe minangka kompensasine wae merga biasane sing paling jitu ngrayu ibu kuwi ya mung bapak. Nanging embuh wektu kuwi kok jan wangkal banget.
Batine Sri rada kudu ngguyu. “Enggih Pak, badhe kula telasaken tiyang tiga, niku kalih sing teng njero weteng!” Wasis njawab karo molomolo. Bapake ngguyu banjur metu.
Terase Pak Parto waloya pancen isih jember, isih bisa ditanduri pelem lan jambu nganti ngrembuyung dhuwur, wohe ketel nyenengake, gawe krasane sapa wae sing lungguhan ana kono. Sri lungguh kursi plastik karo nyekeli wetenge sing mbetotong saka warege, gek ya wis sangang wulan leh ngandhut. Bapake lagi ngedhunake manuk-manuk ing kurungan-kurungan kuwi saperlu dipindhahi mlebu omah. Liyane ben aman saka maling, uga ben ora wedi karo kucing, asu utawa lawa sing yen bengi pating bleber golek woh-wohan.
“Kejaba larang, manuk-manuk iki kalebu golongan sing ringkih lan aleman, dadi kudu diopeni kanthi ati-ati,” dhawuhe bapake Sri rikala ditakoni Sri nyapa kok dipindhahi.
Sing keri dhewe manuk perkutut, ora ndang diasta mlebu nanging ndadak dicelukake Sri dhisik, “Ssst!, Iki regane sak yuta lho, Sri, lagi
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
29