Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/352

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ENDHOGE BLOROK
Imam H.

Lagi bae Yatik lungguh, bel telepon saka kamar tengah muni. Kapeksa cah kuwi mlayu marani. Batine, sapa bengi-bengi ngene kok nelpon. Sajake ana kabar penting saka ndesa. Ing kana pancen akeh krandhahe: wong uwane, adhi, lan Pakdhene. Yen ana kabar penting, tengah wengia pisan terus ngebel.

“Inggih, inggih kula Yatik. sinten ta niki, kulak ok radi kesupen swantene. O, Paklik Marno. Sugeng dali Paklik. Wonten menapa kok dalu-dalu? O, inggih ta. Kaleresan menawi badhe tindak Surabaya. Mangke kula jemput kaliyan Bapak.”

Keprungu swara saka njero telepon, “Bapakmu kabarana ya aku kangen banget. Wis meh 10 tahun ora ketemu. Isih no ndesa apa wis kok boyong nyang Surabaya?”

“Taksih wonten ndhusun, Lik. Wong teksih awrat nilar ayam-ayame niku lho. Kok dingaren tindak Surabaya, Lik?”

“Biasa, bisnis.”

“Kados pundi kulawarga Jakarta?”

“Ya, kabeh seger waras. O, iya nomer telephone pakmu iku pira ta kene takcathete.”

Sawise Yatik Andhiktekake nomer telpune bapake marang Paklike, nggone omong-omongan sigeg.

Yatik, anake Pak Djija ing Maja Sambisari iku klebu cah pinter. Lulus Akademi Kebidanan Program DIII kanthi Cum laude, terus oleh prioritas lan sawetara fasilitas saka yayasan Akbid, kalebu manggon asrama lan bebas biaya nempuh S-1 Kebidanan. Wong tuwane mung kari nambahi uang saku sithik-sithik.

Lha yen Paklike sing asma Sumarno iku ing Jakarta jare dadi bos gedhe. Kabare sugih banget. Yen rawuh Surabaya kuwi mengko mesthine rak ngasta dhuwit akeh. “Suk emben tak papage ana stasiyun Gubeng, tak carterke taksi. Yen Bapak barang rawuh, tak jak mapak terus sarapan ing depot stasiun,” batine Ytik ngentha-entha, nganti bengi iku dheweke keturon ing kursi tamu.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

339