Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/351

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“O, Ibu…! Panjerite Yuliani karo nangis ngguguk. Ora sadar yen nyekel hak telpun lan ora bisa nnerusake omongane. Dheweke semparet mlayu nubruk mbakyune, ngruket karo ngguguk.

“I..bu, ibu kersa menyang greja.” Krungu kandhane adhine, mripate Yuliana kembeng-kembeng lan uga banjur ambrol tangise.

Bu Martinus marani bocah loro dielus-elus sirahe, banjur ngendika, “Berkah Dalem, ibumu antuk timbalaning Gusti.”

“Iki berkah Dalem kang tanpa pepindhan ajine. Awit ing dina kanga gung iki, ibumu mirengake timbalaning Gusti. Wis, ayo bebarengan ngunjukake kidung kagem kamulyaning Gusti sing wis paring berkah Natal,” ngendikane Pak martinus.

Kang rerangkulan padha ucul, banjur padha lungguh maneh.

“Ayo padha ngidungake lagu Gusti kersaa rawuh.”

Wong papat b anjur padha mbukak buku kidung Adi. Ing sajroning lingsir wengi kang atis lan tintrim mau ngumandang lirih kidung pujian, kang dipimpin Pak Martinus.

“Gusti kersa ngrawuhi krana ekartisti; abdi dangu ngantu-antu ngantos boten sabar; Gusti mangga rawuh estu paring binger; Gusti kersaa ngrawuhi krana ekaristi; rawuh ing manahing abdi nunggil raketyekti Gusti kersaa ngampingi ing salami-lami.

Jaya Baya, No.17, Minggu IV, Desember 2008

338

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010